Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SING UTAMA DIREMBUG | PIYÉ TANGGEPANÉ GUSTI ALLAH BAB PERANG?

Tanggepané Gusti Allah bab Perang ing Jaman Saiki

Tanggepané Gusti Allah bab Perang ing Jaman Saiki

Ing jaman saiki akèh wong sengsara. Akèh sing njaluk tulung marang Gusti Allah lan njaluk bantuan. Apa Gusti Allah gelem mirengké? Piyé nèk wong-wong mèlu perang nglawan sing nindhes? Apa Gusti Allah ndhukung upayané wong-wong mau sing nganggep tujuané perang kuwi apik?

Ing Armagédhon, kabèh perangé manungsa bakal disingkirké

Sakjané, Gusti Allah ngerti kasusahan ing donya iki, lan péngin tumindak kanggo nyingkirké kasusahan kuwi. Kuwi nentremké ati, ta? (Jabur 72:13, 14) Ing Alkitab, Gusti Allah janji nèk bakal maringi ’leganing ati [kanggo] kang padha ditindhes’. Kapan? ”Samangsa Gusti Yésus saka ing swarga ngatingal ginarebeg ing para malaékaté, ngagem panguwasané . . . lan ndhawahaké piwales marang wong-wong kang padha ora gelem wanuh marang Gusti Allah sarta ora mbangun-miturut marang Injilé Gusti Yésus, Gusti kita.” (2 Tésalonika 1:7, 8) Kuwi bakal kelakon sukmbèn wektu ”dinané Gusti Allah kang Mahakuwaos”, sing disebut Armagédhon.Wahyu 16:14, 16.

Ing perang iki, Gusti Allah ora ndhawuhi manungsa perang. Gusti Allah ndhawuhi putrané, Yésus Kristus, lan para malaékat sing kuwat kanggo nyingkirké kabèh sing jahat lan sing nindhes.Yésaya 11:4; Wahyu 19:11-16.

Nganti jaman saiki, tanggepané Gusti Allah bab perang isih padha. Kuwi alesan kanggo nyingkirké kabèh sing jahat lan sing nindhes. Uga, nduduhké nèk Gusti Allah dhéwé sing nduwé hak nemtokké kapan perang kuwi isa ditindakké, lan sapa sing éntuk mèlu. Kaya sing wis dirembug, Gusti Allah wis milih putrané, Yésus Kristus, kanggo nyingkirké kabèh sing jahat lan sing nindhes. Dadi, perang sing ana ing donya saiki kuwi, dudu kersané Gusti Allah senajan mbokmenawa tujuané perang kuwi apik nurut wong-wong.

Bayangna, ana kakang-adhi sing lagi padu wektu bapaké lunga. Cah loro mau banjur tilpun bapaké. Kangmasé ngomong nèk adhiné sing marahi padu, ning adhiné ngomong nèk kangmasé sing nakali. Loro-loroné wadul karo bapaké lan njaluk dibéla. Bar krungu critané cah loro mau, bapaké ngandhani kon mandheg padu, lan kon ngentèni bapaké mulih kanggo ngrampungi masalahé. Cah loro mau pancèn ngentèni bapaké mulih, ning malah padu manèh. Bar bapaké mulih, bapaké ora seneng merga anak-anaké ora manut, terus cah loro mau disenèni.

Ing jaman saiki, negara-negara sing perang mesthi njaluk dhukungané Gusti Allah. Ning, sakjané Gusti Allah ora tau mèlu-mèlu perangé manungsa ing jaman saiki. Malahan, Alkitab kandha nèk kanggoné Gusti Allah, ”Aja males ala marang wong kang gawé piala,” lan, ”Aja nganti kowé dhéwé padha nandukaké piwales.” (Rum 12:17, 19) Gusti Allah uga wis ngandhani manungsa kudu ’nganti-anti marang Sang Yéhuwah,’ sing bakal tumindak ing Armagédhon. (Jabur 37:7) Nèk negara-negara ora sabar nunggu Gusti Allah tumindak lan malah perang dhéwé, Gusti Allah nganggep wong-wong kuwi lancang lan ora disenengi karo Yéhuwah. Dadi, ing Armagédhon Gusti Allah bakal nduduhké kuwasané kanggo ngrampungi kabèh masalahé bangsa-bangsa kanggo saklawasé, lan bakal ”ngendhakaké [nggawé mandheg] peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi”. (Jabur 46:10; Yésaya 34:2) Ing Armagédhon, kabèh perangé manungsa bakal disingkirké.

Salah sijiné berkah saka Kratoné Gusti Allah yaiku, ora ana perang manèh. Yésus kandha bab pamréntahané Allah ing dongané sing terkenal, ”Kraton Paduka mugi rawuh. Karsa Paduka mugi kalampahan wonten ing bumi kadosdéné wonten ing swarga.” (Matéus 6:10) Kratoné Gusti Allah ora mung nyingkirké perang, ning uga nyingkirké kabèh sing nyebabké perang lan sing jahat. * (Jabur 37:9, 10, 14, 15) Mula, para muridé Yésus padha ora sabar ngentèni berkahé Kratoné Gusti Allah.2 Pétrus 3:13.

Nganti kapan awaké dhéwé ngentèni anggoné Kratoné Gusti Allah nyingkirké kabèh kasusahan, kabèh sing jahat, lan sing nindhes? Alkitab wis ngramalké nèk awaké dhéwé urip ing ”dina-dina wekasan”. (2 Timotéus 3:1-5) * Ora suwé manèh, Kratoné Gusti Allah bakal nyingkirké kasusahan sing ana saiki ing Armagédhon.

Kaya sing wis dirembug mau, wong-wong sing disingkirké ing Armagédhon, yakuwi wong-wong sing ”padha ora gelem wanuh marang Gusti Allah sarta ora mbangun-miturut marang Injilé Gusti Yésus, Gusti kita”. (2 Tésalonika 1:8) Ning sakjané, Gusti Allah ora seneng nèk manungsa mati, klebu sing jahat. (Yéheskièl 33:11) Merga ”karsané aja nganti ana wong kang nemu bilai” ing Armagédhon, Yéhuwah péngin kabar apik bab Yésus ”kawartakaké ing saindenging jagad minangka paseksi marang sakabèhing bangsa” sakdurungé Armagédhon teka. (2 Pétrus 3:8, 9; Matéus 24:14; 1 Timotéus 2:3, 4) Merga kagiyatan nginjilé Seksi-Seksi Yéhuwah sak donya, wong-wong nduwé kesempatan kenal karo Gusti Allah, manut karo piwulangé Yésus, lan isa urip ing donya sing ora ana perang manèh.

^ par. 9 Kratoné Gusti Allah uga bakal nyingkirké mungsuhé manungsa yakuwi pati. Gusti Allah bakal nguripké manèh wong-wong sing mati, klebu sing mati merga perang.

^ par. 10 Kanggo katrangan luwih akèh bab dina-dina wekasan, deloken bab 9 buku Apa yg Sebenarnya Alkitab Ajarkan? sing dicétak Seksi-Seksi Yéhuwah.