Injil Matius 24:1-51

  • TANDHANÉ WEKTU KRISTUS BALI (1-51)

    • Perang, kelaparan, gempa bumi (7)

    • Kabar apik bakal diumumké (14)

    • Sengsara gedhé (21, 22)

    • Tandha Anaké manungsa (30)

    • Wit ara (32-34)

    • Kaya keadaan pas jamané Nuh (37-39)

    • Kudu terus jaga-jaga (42-44)

    • Budhak sing setya lan budhak sing jahat (45-51)

24  Pas Yésus metu saka bait, murid-murid marani Yésus lan ngongkon Yésus ndelok bangunan-bangunan ing bait.  Yésus kandha, ”Apa kowé kagum ndelok kabèh bangunan iki? Percayaa, kabèh iki bakal diambrukké, lan ora bakal ana watu sing isih numpuk ing ndhuwuré watu liyané.”+  Pas Yésus lagi lungguh ing Gunung Zaitun, murid-murid marani Yésus wektu ora ana wong liya. Murid-murid takon, ”Aku péngin ngerti kapan kuwi bakal kelakon? Apa tandhané wektu njenengan bali,*+ lan apa tandhané akhir jaman?”*+  Yésus njawab, ”Kowé kudu ngati-ati. Aja nganti kowé disesatké.+  Akèh wong bakal teka nganggo jenengku lan kandha, ’Aku iki Kristus.’ Wong-wong kuwi bakal nyesatké akèh wong.+  Kowé bakal krungu swara perang lan berita-berita soal perang. Kowé aja kuwatir, merga kabèh iki kudu kelakon. Ning, akhir kuwi isih durung teka.+  ”Bangsa bakal nglawan bangsa, lan kerajaan nglawan kerajaan.+ Bakal ana kelaparan+ lan gempa bumi ing endi-endi.+  Ning, kuwi kabèh lagi awal kesengsaraan.*  ”Terus, wong-wong bakal nggawé kowé sengsara+ lan matèni kowé.+ Kowé bakal disengiti kabèh bangsa merga kowé muridku.*+ 10  Sakliyané kuwi, ana akèh wong sing bakal ngedoh saka Gusti Allah. Ana sing bakal ngianati lan sengit karo liyané. 11  Bakal ana akèh nabi palsu sing nyesatké akèh wong.+ 12  Merga akèh sing nglanggar hukum, akèh wong suwé-suwé ora nduwé katresnan manèh. 13  Ning, wong sing terus setya nganti akhir bakal dislametké.+ 14  Kabar apik soal Kerajaan bakal diumumké ing kabèh wilayah ing bumi bèn kabèh bangsa krungu,*+ terus akhir kuwi bakal teka. 15  ”Mula, wektu kowé ndelok ana perkara sing njijiki sing nyebabké kehancuran ngadeg ing panggonan suci,+ kaya sing diomongké liwat Nabi Danièl (sing maca kudu bener-bener paham soal iki*), 16  wong-wong sing ana ing Yudéa kudu mulai mlayu menyang pegunungan.+ 17  Wong sing ana ing ndhuwur omah* aja mudhun kanggo njupuk barang sing ana ing omahé. 18  Wong sing lagi kerja ing ladhang aja bali njupuk klambi njabané. 19  Cilaka tenan wong wédok sing meteng lan sing isih nyusoni bayi wektu kuwi. 20  Kowé kudu terus ndonga bèn pas kowé mlayu ora ngepasi musim dingin utawa dina Sabat, 21  sebab bakal ana sengsara gedhé+ sing durung tau kelakon kèt permulaan donya nganti saiki, lan kuwi ora bakal kelakon manèh.+ 22  Sakjané, nèk kesengsaraan kuwi ora digawé singkat, ora bakal ana wong sing dislametké. Ning, merga wong-wong pilihan, kuwi bakal digawé singkat.+ 23  ”Aja percaya nèk ana wong sing ngandhani kowé, ’Iki lho, Kristus ing kéné,’+ utawa, ’Dhèwèké ana ing kana,’+ 24  sebab bakal ana Kristus-Kristus palsu lan nabi-nabi palsu.+ Wong-wong kuwi bakal nggawé akèh mukjijat sing hébat bèn isa nyesatké+ wong-wong pilihan. 25  Élinga nèk aku wis ngélikké kowé. 26  Mula, nèk ana sing ngomong, ’Kaé lho, dhèwèké ana ing padhang belantara,’ kowé aja metu. Utawa nèk ana sing ngomong, ’Kuwi lho, dhèwèké ing njero,’ kowé aja percaya,+ 27  sebab kaya kilat sing metu saka wétan lan sinaré nganti tekan kulon, ya ngono kuwi sukmbèn wektu Anaké manungsa bali.*+ 28  Ing endi ana bathang, ing kono manuk elang bakal ngumpul.+ 29  ”Ora suwé sakwisé kesengsaraan kuwi, matahari bakal dadi peteng,+ bulan ora bakal bersinar manèh, bintang-bintang bakal tiba saka langit, lan kuwasa-kuwasa langit bakal goncang.+ 30  Terus, tandha Anaké manungsa bakal kétok ing langit. Kabèh suku ing bumi bakal sedhih*+ lan bakal ndelok Anaké manungsa+ teka nganggo méga-méga langit lan nganggo kuwasa lan kemuliaan.+ 31  Trompèt bakal disebul banter banget, lan dhèwèké bakal ngongkon malaékat-malaékaté nglumpukké wong-wong pilihané saka lor, kidul, wétan, lan kulon, saka ujung langit sing siji tekan ujung liyané.+ 32  ”Saiki, coba kowé sinau saka perumpamaan soal wit ara: Nèk cabang-cabangé sing enom dadi empuk lan metu godhongé, kowé ngerti nèk musim panas wis cedhak.+ 33  Mula, nèk kowé ndelok kabèh iki kelakon, berarti Anaké manungsa wis cedhak.*+ 34  Percayaa, generasi iki mesthi ora bakal mati nganti kabèh iki kelakon. 35  Langit lan bumi bakal lenyap, ning omonganku bakal tetep ana nganti saklawasé.+ 36  ”Soal dina lan jamé, ora ana sing ngerti.+ Malaékat-malaékat ing swarga ora ngerti. Anak ya ora ngerti. Sing ngerti mung Bapak.+ 37  Wektu Anaké manungsa bali,*+ keadaané bakal kaya pas jamané Nuh.+ 38  Sakdurungé Banjir Gedhé, wong-wong mangan, ngombé, lan nikah nganti Nuh mlebu ing kapal.+ 39  Wong-wong kuwi ora nggatèkké apa sing lagi kelakon nganti Banjir Gedhé kuwi teka lan nyingkirké kabèh wong kuwi.+ Sukmbèn, wektu Anaké manungsa bali* ya bakal kaya ngono. 40  Wektu kuwi, nèk ana wong lanang loro lagi kerja ing ladhang, sing siji bakal digawa lan sijiné bakal ditinggal. 41  Terus, nèk ana wong wédok loro lagi nggiling nganggo gilingan tangan, sing siji bakal digawa lan sijiné bakal ditinggal.+ 42  Mula, kowé kudu terus jaga-jaga merga kowé ora ngerti kapan Gustimu teka.+ 43  ”Pikirna soal iki: Nèk sing nduwé omah wis ngerti jam pira* maling arep teka,+ dhèwèké mesthi bakal terus jaga-jaga. Dhèwèké ora bakal meneng waé nèk omahé arep dibobol.+ 44  Mula kowé kudu bener-bener siap,+ merga Anaké manungsa bakal teka ing wektu sing ora mbok sangka-sangka. 45  ”Sapa ta sakjané budhak sing setya lan wicaksana,* sing dilantik majikané kanggo ngurus pelayan-pelayan omahé lan mènèhi mangan wong-wong mau ing wektu sing pas?+ 46  Mesthi bahagia banget budhak kuwi nèk pas majikané teka, majikané ndelok dhèwèké lagi nindakké tugasé.+ 47  Percayaa, majikané bakal nglantik dhèwèké kanggo ngurus kabèh hartané. 48  ”Ning, nèk misalé budhak kuwi nindakké kejahatan lan mbatin, ’Paling majikanku tekané telat,’+ 49  terus dhèwèké mulai nggebugi budhak liyané lan mangan karo ngombé bareng wong-wong sing seneng mabuk, 50  majikané bakal teka ing dina sing ora disangka-sangka lan ing jam sing ora dingertèni budhak kuwi.+ 51  Terus, majikané bakal mènèhi hukuman sing paling abot lan bakal nguncalké budhak kuwi ing panggonané wong-wong munafik. Ing kana, budhak kuwi bakal nangis lan putus asa.*+

Katrangan Tambahan

Utawa ”sistem donya”. Deloken Daftar Istilah.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Kaya rasa lara sing dirasakké wong wédok wektu arep nglairké.
Utawa ”merga jenengku”.
Lit.: ”bèn dadi kesaksian kanggo kabèh bangsa”.
Maksudé, soal ramalané Nabi Danièl.
Akèh-akèhé omah ing kana ndhuwuré datar lan digunakké kanggo akèh kegiatan.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”bakal nggebugi awaké merga sedhih”.
Utawa ”wis ing ngarep lawang”.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Yunani: parousia. Deloken Daftar Istilah.
Utawa ”ngerti ing giliran jaga sing endi”.
Lit.: ”lan ngerotké untu”.