Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Urip Iki Ora Mung Kaya Ngéné Waé

Urip Iki Ora Mung Kaya Ngéné Waé

URIPÉ manungsa saiki ora kaya sing dikarepké Gusti Allah. Bumi iki kuduné dienggoni karo wong-wong sing ngajèni Gusti Allah, manut karo tuntunané, lan niru sipat-sipaté. Gusti Allah péngin manungsa isa urip bahagia karo keluargané, isa ngerti lan nindakké apa waé sing nyenengké, lan isa nggawé bumi iki dadi taman firdaus.

GUSTI ALLAH JANJI BAKAL NGOWAHI KEADAAN ING BUMI

  • ”[Gusti Allah] ngendhakaké [utawa, ngendhegké] peperangan nganti tumeka ing pungkasaning bumi.”​Jabur 46:10.

  • ”Wektu sing ditemtokké . . . wis teka [kanggo] . . . nyirnakké wong-wong sing lagi ngrusak bumi.”​Wahyu 11:18.

  • ”Ora ana wong siji-sijia kang bakal celathu ana ing kono: ’Aku lara.’” Yésaya 33:24.

  • ”Para pepilihaningSun bakal padha ngrasakaké nikmating gegawéané tangané.”​Yésaya 65:22.

Apa sing Gusti Allah tindakké bèn janji-janjiné isa kelakon? Gusti Allah wis milih Putrané, yaiku Yésus, kanggo dadi Raja ing swarga lan mréntah bumi. Ing Alkitab, pamréntahan kuwi disebut Kratoné Allah. (Dhanièl 2:44) Alkitab kandha, ”Gusti Allah Yéhuwah bakal maringké tahtané . . . lan [Yésus] bakal mréntah dadi Raja.”​—Lukas 1:32, 33.

Yésus nggawé akèh mukjijat wektu dhèwèké ana ing bumi. Kuwi mbuktèkké nèk Yésus isa ngowahi keadaan ing bumi bèn dadi luwih nyenengké.

YÉSUS WIS MBUKTÈKKÉ NÈK DHÈWÈKÉ ISA NGOWAHI KEADAAN ING BUMI

  • Yésus mbiyèn isa marèkké akèh penyakit, dadi sukmbèn Yésus ya isa nyingkirké penyakit lan masalah keséhatan.​Matius 9:35.

  • Yésus mbiyèn tau ngendhegké angin gedhé ing laut, dadi sukmbèn Yésus ya isa ngendhalèni alam bèn ora ana bencana alam.​Markus 4:36-39.

  • Yésus mbiyèn tau ngekèki mangan éwonan wong, dadi sukmbèn Yésus ya isa nyedhiakké kebutuhané manungsa.​Markus 6:41-44.

  • Yésus mbiyèn tau ngubah banyu dadi anggur pas acara pernikahan, dadi sukmbèn Yésus ya isa nggawé uripé wong-wong dadi seneng.​Yohanes 2:7-11.

Piyé carané bèn awaké dhéwé isa ngrasakké urip kaya sing dikarepké Gusti Allah kuwi? Alkitab kandha nèk awaké dhéwé perlu nemokké ”dalan sing . . . ngarah menyang urip”, lan Alkitab kandha nèk mung ”sithik sing nemokké kuwi”.​—Matius 7:14.

NEMOKKÉ ’DALAN SING NGARAH MENYANG URIP’

Dalan apa sing dimaksud? Sing dimaksud dalan kuwi yaiku kabèh tuntunané Gusti Allah kanggo awaké dhéwé. Gusti Allah kandha, ”Iya Ingsun iki Yéhuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maédahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati.” (Yésaya 48:17) Uripé awaké dhéwé bakal dadi luwih bahagia nèk manut karo tuntunané Gusti Allah.

Yésus kandha, ”Aku iki dalan, lan sing bener, lan sing marahi urip.” (Yohanes 14:6) Awaké dhéwé isa dadi bahagia lan cedhak karo Gusti Allah nèk niru contoné Yésus lan nindakké apa sing diwulangké.

Piyé carané nemokké dalan kuwi? Agama kuwi ana akèh, ning Yésus ngandhani, ”Ora saben wong sing kandha marang aku, ’Gusti, Gusti,’ bakal mlebu ing Kraton swarga. Nanging, mung wong sing nindakké kersané Bapakku ing swarga sing isa mlebu ing kana.” (Matius 7:21) Yésus ya kandha, ”Kowé bakal weruh asliné wong-wong kuwi saka wohé.” (Matius 7:16) Saka Alkitab, awaké dhéwé isa ngerti ibadah endi sing bener lan sing ora bener.​—Yohanes 17:17.

Piyé carané bèn isa mlaku ing dalan kuwi? Awaké dhéwé kudu kenal karo sing nggawé urip: Sing nggawé urip kuwi sapa? Jenengé sapa? Kaya apa sipat-sipaté? Apa sing Dhèwèké tindakké kanggo awaké dhéwé? Dhèwèké péngin awaké dhéwé nindakké apa? *

Sing dikarepké Yéhuwah kuwi manungsa uripé ora mung kerja, mangan, dolan, lan nduwé keluarga. Awaké dhéwé isa kenal lan dadi kancané Sang Pencipta. Awaké dhéwé ya isa nduduhké nèk awaké dhéwé sayang karo Gusti Allah, carané yaiku manut karo Dhèwèké. Yésus kandha, ”Kanggo éntuk urip langgeng, wong-wong kudu kenal karo Panjenengan, siji-sijiné Gusti Allah sing sejati.”​—Yohanes 17:3.

GUSTI ALLAH MULANG ”BAB APA KANG MAÉDAHI” LIWAT ALKITAB.​—YÉSAYA 48:17

APA SING PERLU AWAKÉ DHÉWÉ TINDAKKÉ?

Sakwisé sinau lan ngerti soal apa sing nyenengké Gusti Allah, mungkin awaké dhéwé dadi ngerti nèk awaké dhéwé kudu berubah. Kuwi pancèn ora gampang. Ning, uripé awaké dhéwé mesthi isa dadi luwih apik nèk nindakké apa sing nyenengké Gusti Allah. Seksi-Seksi Yéhuwah seneng mbantu njenengan sinau Alkitab bèn isa ngerti luwih akèh soal Gusti Allah. Sinau Alkitabé ora mbayar lan njenengan isa milih dhéwé wektu lan panggonané kanggo sinau. Nèk butuh informasi sing luwih akèh, njenengan isa mbukak www.isa4310.com/jv.