Injil Markus 6:1-56

  • Yésus ditolak ing dhaérah asalé (1-6)

  • Rasul 12 diwènèhi arahan kanggo nginjil (7-13)

  • Yohanes Pembaptis dipatèni (14-29)

  • Yésus mènèhi mangan wong 5.000 (30-44)

  • Yésus mlaku ing ndhuwur laut (45-52)

  • Marèkké wong lara ing Génésarèt (53-56)

6  Yésus lan murid-muridé lunga saka kono menyang dhaérah asalé Yésus.+  Pas dina Sabat, Yésus mulang ing sinagogé,* lan akèh wong sing ngrungokké Yésus dadi nggumun. Wong-wong kuwi kandha, ”Dhèwèké kuwi sinau ing endi kok isa mulang awaké dhéwé?+ Dhèwèké kuwi sapa ta kok nganti isa nduwé kawicaksanan* lan nggawé mukjijat?+  Dhèwèké kan tukang kayu, ta?+ Ibuné jenengé Maria,+ lan adhi-adhiné lanang jenengé Yakobus,+ Yusuf, Simon,+ lan Yudas, ta? Terus, adhi-adhiné wédok ya manggon ing kutha iki, ta?” Wong-wong kuwi ora gelem percaya karo Yésus.  Yésus ngomong karo wong-wong kuwi, ”Nabi mesthi diajèni, kecuali ing dhaérah asalé,+ ing keluargané dhéwé, lan ing antarané seduluré.”  Mula, Yésus mung numpangké tangané marang wong-wong sing lara kanggo marèkké wong-wong kuwi, ning Yésus ora nggawé mukjijat-mukjijat liyané ing kono.  Yésus nggumun merga wong-wong kuwi ora nduwé iman. Mula, Yésus lunga menyang désa-désa ing sekitaré kanggo mulang wong-wong.+  Yésus ngundang* rasulé 12 lan ngongkon wong-wong kuwi lunga loro-loro.+ Yésus ya mènèhi wong-wong kuwi kuwasa kanggo ngusir roh-roh jahat.*+  Yésus ngongkon para rasulé bèn ora nggawa apa-apa, termasuk roti, kanthong panganan, lan dhuwit.* Sing éntuk digawa mung tongkat.+  Murid-murid ya dikongkon nganggo sandhal, ning ora éntuk nggawa salin.* 10  Yésus kandha manèh, ”Nèk kowé mlebu ing salah siji dhaérah lan ana sing gelem nampa kowé, manggona ing omahé nganti kowé lunga saka dhaérah kuwi.+ 11  Nèk ana dhaérah sing wong-wongé ora gelem nampa utawa ngrungokké kowé, lungaa saka kono. Kebutna debu saka sikilmu kanggo nduduhké nèk wong-wong kuwi wis diwènèhi peringatan.”+ 12  Terus, para rasul mangkat lan ngandhani wong-wong bèn mertobat.+ 13  Para rasul ya ngusir akèh roh jahat+ lan ngolèské minyak marang wong lara bèn wong kuwi mari. 14  Raja Hérodès krungu soal iki, merga ing endi-endi wong-wong padha ngomongké soal Yésus. Wong-wong kuwi kandha, ”Yohanes Pembaptis wis diuripké manèh saka antarané wong mati. Kuwi sebabé dhèwèké isa nggawé akèh mukjijat.”+ 15  Ning, sing liyané kandha, ”Dhèwèké Èlia.” Sing liyané manèh kandha, ”Dhèwèké kuwi kaya nabi-nabi jaman mbiyèn.”+ 16  Wektu krungu soal Yésus, Hérodès kandha, ”Yohanes sing mbiyèn sirahé tak penggal saiki wis diuripké manèh.” 17  Hérodès ngomong ngono merga sakdurungé Hérodès wis nangkep Yohanes Pembaptis. Hérodès ngranté lan nglebokké Yohanes ing penjara merga péngin nyenengké Hérodias. Hérodias kuwi bojoné Filipus kakangé Hérodès. Merga Hérodès nikah karo Hérodias,+ 18  Yohanes bola-bali ngomong karo Hérodès, ”Kowé ora éntuk nikah karo bojoné kakangmu.”+ 19  Hérodias dadi dendam karo Yohanes lan péngin matèni dhèwèké, ning ora isa 20  merga Hérodès nglindhungi Yohanes. Hérodès wedi karo Yohanes merga ngerti nèk Yohanes kuwi wong sing bener lan suci.+ Hérodès ya seneng ngrungokké Yohanes. Mula saben ngrungokké omongané Yohanes, Hérodès dadi bingung arep ngapakké Yohanes. 21  Akhiré, Hérodias éntuk kesempatan wektu Hérodès nggawé pésta kanggo para pejabat, komandan militèr, lan wong-wong penting ing Galiléa,+ yaiku pas dina ulang tauné+ Hérodès. 22  Anaké wédok Hérodias teka lan nari ing pésta mau. Kuwi nggawé Hérodès lan tamu-tamuné dadi seneng. Terus, Raja ngomong karo cah wédok kuwi, ”Kowé éntuk njaluk apa waé sing mbok péngini lan mesthi bakal tak turuti.” 23  Hérodès nganti sumpah karo cah wédok kuwi, ”Apa waé sing mbok jaluk mesthi bakal tak wènèhké, malah nganti separoné kerajaan iki.” 24  Terus, cah wédok kuwi nemoni ibuné lan takon, ”Aku kudu njaluk apa?” Ibuné njawab, ”Sirahé Yohanes Pembaptis.” 25  Cah wédok kuwi langsung ngadhep raja lan ngomongké kepénginané. Dhèwèké ngomong, ”Aku péngin njenengan saiki mènèhi aku sirahé Yohanes Pembaptis ing ndhuwuré nampan.”+ 26  Raja dadi sedhih banget. Ning Raja ora isa nolak, merga dhèwèké wis sumpah ing ngarepé para tamuné. 27  Mula, Raja langsung ngongkon penjaga bèn nggawa sirahé Yohanes. Terus, penjaga kuwi lunga lan menggal sirahé Yohanes ing penjara. 28  Penjaga kuwi nggawa sirahé Yohanes nganggo nampan. Terus, Hérodès mènèhké kuwi marang cah wédok kuwi, lan cah wédok kuwi mènèhké marang ibuné. 29  Wektu krungu soal kuwi, murid-muridé Yohanes teka lan njupuk mayaté Yohanes, terus mayat kuwi dikubur. 30  Wektu bali, para rasul crita karo Yésus soal kabèh sing wis ditindakké lan diwulangké para rasul kuwi.+ 31  Yésus kandha, ”Ayo lunga ing panggonan sing sepi bèn awaké dhéwé isa istirahat sedhéla.”+ Wektu kuwi, ana akèh wong sing padha teka lan lunga, nganti Yésus lan murid-muridé ora kober mangan. 32  Mula, Yésus lan murid-muridé numpak prau menyang panggonan sing sepi.+ 33  Ning, wong-wong ndelok wektu Yésus karo murid-muridé lunga, lan akèh sing ngerti soal kuwi. Mula, wong-wong saka kabèh kutha padha mlayu lan tekan ing kono luwih dhisik. 34  Wektu mudhun saka prau, Yésus ndelok ana akèh wong sing ngumpul. Yésus ngrasa mesakké karo wong-wong kuwi+ merga wong-wong kuwi kaya domba tanpa gembala.+ Mula, Yésus mulangké apa sing bener marang wong-wong kuwi.+ 35  Wektu wis soré, murid-murid marani Yésus lan kandha, ”Panggonan iki adoh saka ngendi-endi, lan saiki ya wis soré.+ 36  Kongkonen wong-wong kuwi lunga bèn isa tuku panganan ing désa-désa cedhak kéné.”+ 37  Yésus njawab, ”Kowé waé sing mènèhi wong-wong kuwi mangan.” Murid-murid takon, ”Berarti aku kudu tuku roti sing regané 200 dinar* lan mènèhké kuwi marang kabèh wong iki?”+ 38  Yésus ngomong, ”Kowé nduwé roti pira? Kana didelok sik.” Sakwisé kuwi, murid-murid njawab, ”Iki ana roti lima lan iwak loro.”+ 39  Bar kuwi, Yésus ngongkon kabèh wong kuwi lungguh ing suket lan nggawé kelompok-kelompok.+ 40  Terus, wong-wong kuwi lungguh. Sak kelompok ana sing jumlahé 100 lan ana sing jumlahé 50. 41  Sakwisé njupuk roti lima lan iwak loro mau, Yésus ndhangak lan ndonga.+ Bar kuwi, Yésus nyuwil-nyuwil roti lan mènèhké kuwi marang murid-muridé bèn diedumké marang wong-wong. Dhèwèké ya ngedum-edumké iwak kuwi kanggo kabèh wong ing kono. 42  Kabèh wong kuwi mangan nganti wareg. 43  Sakwisé kuwi, murid-murid nglumpukké sisané, lan ana 12 kranjang kebak, durung termasuk iwaké.+ 44  Sing mangan roti kuwi jumlahé 5.000 wong lanang. 45  Ora let suwé, Yésus ngongkon murid-muridé numpak prau lan lunga ing sabrang ndhisiki Yésus ing arah Bètsaida. Wong akèh mau ya dikongkon mulih.+ 46  Sakwisé wong-wong kuwi mulih, Yésus munggah ing gunung arep ndonga.+ 47  Bengi kuwi, Yésus dhèwèkan ing kono. Prauné murid-muridé wis ana ing tengah laut.+ 48  Terus, Yésus ndelok para muridé rekasa ndayung prauné merga nglawan angin. Mula, pas isih subuh,* Yésus mlaku ing ndhuwur laut arep marani murid-muridé. Yésus mlaku terus kaya arep ngliwati prauné. 49  Wektu ndelok Yésus mlaku ing ndhuwur laut, murid-murid mbengok, ”Ana sing lagi mlaku.”* 50  Murid-murid kewedèn wektu ndelok Yésus. Mula, Yésus langsung ngomong karo murid-muridé, ”Aja wedi, iki aku.”+ 51  Terus, Yésus munggah ing prau kuwi, lan anginé mandheg. Murid-murid nggumun ndelok kuwi 52  merga isih padha durung ngerti artiné mukjijat roti mau. Murid-murid kuwi isih durung paham. 53  Sakwisé nyabrang, Yésus lan murid-muridé tekan ing Génésarèt, terus prauné ditinggal ing cedhak kono.+ 54  Ning, sakwisé Yésus lan murid-muridé mudhun saka prau, wong-wong langsung ngerti nèk kuwi Yésus. 55  Wong-wong kuwi mlayu arep ngandhani wong-wong liyané ing kabèh dhaérah kuwi. Wong-wong sing lara mulai digawa nganggo tandhu marang Yésus. 56  Saben Yésus teka ing désa lan kutha, wong-wong sing lara padha digawa ing pasar-pasar. Wong-wong padha njaluk marang Yésus bèn éntuk ndemèk pucuk klambi njabané.+ Kabèh wong sing ndemèk kuwi dadi mari.

Katrangan Tambahan

Utawa ”panggonan kanggo ngibadah”.
Utawa ”nyeluk”.
Lit.: ”roh-roh najis”.
Lit.: ”tembaga”.
Utawa ”nggawa klambi loro”.
Lit.: ”pas giliran jaga sing kepapat”, yaiku kira-kira jam 3-6 ésuk.
Utawa ”Awaké dhéwé éntuk wahyu.”