Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

SARAN KANGGO SING BAR DITINGGAL MATI

Bèn Ora Sedhih Terus—Carané Piyé?

Bèn Ora Sedhih Terus—Carané Piyé?

Ana akèh saran kanggo wong sing berduka. Tapi carané wong berduka ora padha. Dadi, saran sing cocog ya isa waé béda-béda.

Ing Alkitab ana saran-saran sing bermanfaat. Para ahli ya setuju nèk saran-saran kuwi apik.

1: GELEM DIBANTU KARO KELUARGA LAN KANCA-KANCA

  • Menurut para ahli, wong sing ditinggal mati butuh bantuan lan dhukungan saka keluarga lan kanca-kanca. Tapi nèk njenengan lagi péngin dhèwèkan, ya kuwi ora apa-apa.

  • Aja nganti njenengan ora gelem dibantu sama sekali. Nèk pas butuh bantuan, njenengan kudu ngomong.

  • Mémang kadhang butuh wektu kanggo dhèwèkan, tapi aja keterusan.

AYAT: ”Wong loro bareng-bareng luwih apik timbang dhèwèkan . . . Nèk sing siji tiba, sing sijiné isa nulungi.”​—Pengkhotbah 4:9, 10.

2: MANGAN PANGANAN SING BERGIZI LAN OLAHRAGA

  • Bèn isa tetep séhat, kudu mangan buah-buahan lan sayur. Terus aja mangan sing terlalu berlemak.

  • Ngombé banyu putih sing cukup utawa jus buah.

  • Nèk ora doyan mangan, mangané sithik-sithik waé. Terus isa ngombé vitamin. a

  • Bèn perasaané plong, isa olahraga. Hasilé dadi ora terlalu sedhih manèh.

AYAT: ”Ora ana wong sing sengit karo badané dhéwé, ning badané mesthi dijaga lan diopèni.”—Éfésus 5:29.

3: ISTIRAHAT SING CUKUP

  • Nèk nangis terus, awaké mesthi kesel. Njenengan butuh turu.

  • Aja kakèhan ngombé alkohol utawa minuman sing mengandung kaféin, mengko ora isa turu.

AYAT: ”Luwih apik istirahat sedhéla timbang kerja keras akèh, merga kuwi kaya ngupaya ngoyak angin.”​—Pengkhotbah 4:6.

4: NGGOLÈK SARAN SING COCOK

  • Carané wong berduka kuwi béda-béda, makané carané ngatasi ya béda-béda.

  • Nèk péngin curhat, coba curhat karo kanca cedhak. Tapi nèk ora péngin curhat, ya ora apa-apa.

  • Nèk kudu nangis bèn isa lega, ya ora apa-apa. Tapi ora kabèh wong kudu kaya ngono.

AYAT: ”Nèk lagi sedhih, ya wong kuwi dhéwé sing isa ngrasakké.”​—Wulang Bebasan 14:10.

5: AJA MABUK-MABUKAN LAN NGANGGO NARKOBA

  • Nèk lagi sedhih, aja terus malah mabuk-mabukan utawa nganggo narkoba merga kuwi berbahaya. Ya mungkin awalé isa lali masalahé, tapi sakjané masalahé ora ilang, ning malah dadi tambah masalah liya.

AYAT: ”Ayo ngresiki uripé awaké dhéwé saka apa waé sing nggawé . . . najis.”​—2 Korintus 7:1.

6: NGGOLÈK KESIBUKAN

  • Nèk sibuk, ora bakal sedhih terus.

  • Misalé njenengan isa dolan karo kanca, belajar ketrampilan sing anyar, utawa piknik.

  • Nah, mengko suwé-suwé rasa sedhihé isa berkurang.

AYAT: ”Kabèh ana wektuné, . . . wektu kanggo nangis lan wektu kanggo ngguyu, wektu kanggo sambat lan wektu kanggo nari.”​—Pengkhotbah 3:1, 4.

7: BERAKTIVITAS MANÈH

  • Nèk isa, ndang langsung beraktivitas kaya biasané manèh.

  • Nèk tetep beraktivitas kaya biasané, misalé nyambut gawé, sekolah, utawa liya-liyané, njenengan bakal semangat manèh.

  • Nèk terus sibuk, mengko suwé-suwé rasa sedhihé isa berkurang.

AYAT: ”Wong kuwi ora bakal ngrasa nèk dina-dinané cepet banget liwaté, merga Gusti Allah sing bener nggawé dhèwèké sibuk ngrasakké senengé atiné.”​—Pengkhotbah 5:20.

8: AJA KESUSU NGGAWÉ KEPUTUSAN SING PENTING

  • Nèk kesusu, mengko isa gela. Misalé, aja langsung pindhah omah, pindhah gawéan, utawa nyingkirké barang barangé.

  • Mungkin isa nunggu sik nganti perasaané luwih tenang.

AYAT: ”Rencanané wong rajin mesthi bakal berhasil, ning wong sing kesusu tumindak mesthi bakal mlarat.”​—Wulang Bebasan 21:5.

9: AJA LALI KARO DHÈWÈKÉ

  • Njenengan isa tetep ngéling-éling kenangan sing nyenengké karo dhèwèké.

  • Kenangané kuwi isa ditulis. Njenengan ya isa nglumpukké foto utawa barang-barang kenangané.

  • Nèk isih sedhih, barang-barangé kuwi isa disimpen sik. Mengko nèk wis luwih tenang perasaané utawa lagi kangen, isa didelok manèh.

AYAT: ”Kowé kudu éling jaman mbiyèn.”​—Pangandharing Torèt 32:7.

10: LIBURAN

  • Njenengan isa liburan.

  • Nèk ora isa libur suwé-suwé, mungkin njenengan isa dolan ing pantai, ing taman, utawa ing panggonan liya.

  • Meskipun liburané mung sedhéla, njenengan isa seneng lan ora sedhih terus.

AYAT: ”Ayo lunga ing panggonan sing sepi bèn awaké dhéwé isa istirahat sedhéla.”​—Markus 6:31.

11: MBANTU WONG LIYA

  • Nèk mbantu wong liya, njenengan isa seneng soalé ora terus mikirké masalahé dhéwé.

  • Njenengan isa menghibur kanca utawa keluarga, merga meréka ya mesthi ngrasa kélangan.

  • Nèk gelem mbantu lan nguwatké wong liya, mesthi isa bahagia.

AYAT: ”Mènèhi kuwi luwih bahagia timbang diwènèhi.”​—Kisah 20:35.

12: MIKIRKÉ APA SING KUDU DIUTAMAKKÉ

  • Biasané wong sing bar ditinggal mati dadi mikir nèk urip iki ora pasti.

  • Makané kudu mikir selama iki uripé piyé.

  • Terus ya kudu mikir apa sing péngin diutamakké saiki.

AYAT: ”Luwih apik lunga menyang panggonan layat timbang menyang panggonan pésta, merga kabèh wong akhiré mati. Wong sing urip kudu ngéling-éling kuwi ing pikirané.”​—Pengkhotbah 7:2.

Mémang mungkin njenengan isa waé tetep ngrasa kélangan. Tapi nèk berupaya ngetrapké 12 saran ing artikel iki, njenengan isa luwih semangat.

a Majalah Gatèkna! ora nyaranké vitamin apa sing kudu diombé.