Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Apa Masalah Ékonomi Isa Diatasi?

Apa Masalah Ékonomi Isa Diatasi?

 Akèh wong padha démo merga kondisi ékonomi saiki tambah parah. Apa manèh merga pandemi COVID-19 dadi ana lockdown lan kurang pangan. Terus, sing isa éntuk pengobatan sing apik mung sing sugih thok.

 Apa kondisi ékonomi ing donya iki isa berubah dadi apik? Menurut Alkitab, mengko Gusti Allah sing bakal ngatasi kuwi.

Gusti Allah bakal ngatasi masalah ékonomi

 Masalah: Pamréntahané manungsa ora isa nyukupi kebutuhané kabèh wong.

 Carané ngatasi: Pamréntahané manungsa bakal diganti karo Kerajaané Gusti Allah. Kerajaan kuwi bakal mréntah bumi saka swarga.​—Danièl 2:44; Matius 6:10.

 Hasilé: Nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah, ora ana manèh wong sing mlarat, terus kabèh wong kebutuhané isa dicukupi. (Mazmur 9:7-9, 18) Wong-wong ya isa bahagia merga ngrasa puas karo hasil kerja kerasé. Ing Alkitab ana janji, ”Wong bakal mbangun omah lan manggon ing kono. Wong bakal nggawé kebon anggur lan mangan buahé. Omah sing dibangun ora bakal dienggoni wong liya, lan hasil kebon anggur sing ditandur ora bakal dipangan wong liya.”​—Yésaya 65:21, 22.

 Masalah: Manungsa ora isa ngatasi kabèh masalah.

 Carané ngatasi: Liwat Kerajaané, Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing marahi manungsa susah.

 Hasilé: Sukmbèn ora ana manèh perang, kurang pangan, lan pandemi. Dadi, kabèh wong ora bakal susah manèh. (Mazmur 46:9; 72:16; Yésaya 33:24) Gusti Allah ngomong, ”Bangsaku bakal manggon ing panggonan sing aman, tenang, lan nggawé ayem.”​—Yésaya 32:18.

 Masalah: Ana akèh wong sing srakah lan ora mikirké wong liya.

 Carané ngatasi: Sing dadi rakyat Kerajaané Gusti Allah kudu gelem ngutamakké wong liya.​—Matius 22:37-39.

 Hasilé: Nèk Kerajaané Gusti Allah wis mréntah, ora ana wong sing ”mung mikirké kepentingané dhéwé”. (1 Korintus 13:4, 5) Ing Alkitab ditulis, ”Ora ana sing bakal nyebabké cilaka utawa nggawé rusak ing kabèh wilayahé gunung-Ku sing suci, merga pengetahuan soal Yéhuwah a bakal ngebaki bumi kaya banyu sing ngebaki laut.”​—Yésaya 11:9.

 Menurut Alkitab, saiki wis akhir jaman. Ora suwé manèh, Gusti Allah bakal ngatasi kabèh masalah ékonomi. b (Mazmur 12:5) Malah, Gusti Allah ya wis ngekèki saran-saran ing Alkitab sing isa ditrapké saiki. Contoné ing artikel sing judhulé ”Sing Isa Ditindakké Wektu Penghasilané Berkurang” lan ”Pandangan yang Benar tentang Uang”.

a Menurut Alkitab, Gusti Allah kuwi jenengé Yéhuwah.​—Mazmur 83:18.

b Bèn ngerti ngapa kok isiné Alkitab isa dipercaya, deloken artikel ”Alkitab—Sumber Katrangan sing Bener lan Isa Dipercaya.”