Mazmur 83:1-18

  • Donga wektu ngadhepi mungsuh

    • ”Oh Gusti Allah, aja meneng waé” (1)

    • Mungsuh-mungsuh kaya suket garing (13)

    • Jenengé Gusti Allah kuwi Yéhuwah (18)

Lagu sing digawé Asaf.+ 83  Oh Gusti Allah, aja meneng waé.+ Oh Gusti Allah sing Mahakuwasa, tulung Njenengan ngomong lan tumindak.   Mungsuh-Mu wis siap-siap nyerang.+ Wong-wong sing sengit marang Njenengan padha sombong.*   Wong-wong kuwi meneng-meneng nggawé rencana licik kanggo nglawan umat-Mu. Wong-wong kuwi nggawé rencana kanggo nglawan umat-Mu sing mbok lindhungi.*   Wong-wong kuwi ngomong, ”Ayo matèni bangsa kuwi,+Bèn jenengé Israèl ora diéling-éling manèh.”   Wong-wong kuwi setuju nggawé rencana jahat. Malah, wong-wong kuwi sepakat* kanggo nglawan Njenengan.+   Wong-wong kuwi yaiku wong Édom, wong Ismaèl, wong Moab,+ wong Hagri,+   Wong Gébal, wong Ammon,+ wong Amalèk,Wong Filistia,+ lan penduduk Tirus.+   Wong Asiria+ ya nggabung karo wong-wong kuwi. Kabèh wong kuwi ndhukung* keturunané Lot.*+ (Sela)   Tulung Njenengan ngukum wong-wong kuwi kaya Njenengan ngukum Midian,+Kaya Njenengan ngukum Siséra lan Yabin ing Kali* Kisyon.+ 10  Wong-wong kuwi dipatèni ing Èn-dor+Lan dadi kaya tai ing lemah. 11  Gawénen para pejabaté dadi kaya Orèb lan Zéèb,+Lan gawénen para pemimpiné dadi kaya Zébah lan Zalmuna,+ 12  Merga wong-wong kuwi kandha, ”Ayo ngrebut tanah sing dienggoni Gusti Allah.” 13  Oh Gusti Allahku, gawénen wong-wong kuwi kaya suket garing+ Lan jerami sing kabur kena angin. 14  Kaya geni sing ngobong hutan,Kaya geni sing ngobong gunung nganti gosong,+ 15  Muga-muga Njenengan ngoyak* wong-wong kuwi nganggo badai-Mu+Lan nggawé wong-wong kuwi wedi nganggo angin-Mu sing gedhé banget.+ 16  Oh Yéhuwah, tulung Njenengan ngrendhahké wong-wong kuwi,Bèn wong-wong kuwi nggolèki Njenengan.* 17  Muga-muga wong-wong kuwi digawé isin lan ngrasa wedi saklawasé. Muga-muga wong-wong kuwi direndhahké lan mati. 18  Muga-muga wong-wong ngertiNèk mung Njenengan sing Mahaluhur ing bumi,+ sing jenengé Yéhuwah.+

Katrangan Tambahan

Utawa ”ndhangak”.
Lit.: ”wong-wong sing mbok dhelikké”.
Utawa ”nggawé perjanjian”.
Yaiku wong Moab lan wong Ammon.
Lit.: ”dadi lengen kanggo”.
Utawa ”Wadi”.
Utawa ”nguber”.
Lit.: ”jeneng-Mu”.