Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Ngirimké Bantuan Pas Perang

Ngirimké Bantuan Pas Perang

27 MEI 2022

 Ing akhir jaman ana akèh ”perang lan berita-berita soal perang”. (Matius 24:6) Nèk ana sedulur-sedulur sing kena dampak perang, organisasi bakal langsung mbantu. Ing Laporan Pengurus Pusat 2022 (Bagéan 3) dicritakké piyé sedulur-sedulur sing kena dampak perang ing Ukraina éntuk bantuan saka sedulur-sedulur ing negara-negara sekitaré. Tapi, piyé carané bantuan kuwi dikirimké? Piyé perasaané para sedulur sing éntuk bantuan kuwi?

Sedulur-Sedulur Butuhé Apa lan Piyé Carané Ngirim?

 Tanggal 24 Februari 2022, Ukraina mulai diserang. Dina kuwi, Panitia Pengawas langsung ngatur bèn ana dana sing dikirimké bèn isa mbantu sedulur-sedulur ing Ukraina. Bar kuwi, kantor cabang Ukraina langsung tuku barang-barang sing dibutuhké, terus ngedumké kuwi liwat 27 Panitia Penanggulangan Bencana.

 Sedulur-sedulur ing Kantor Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ya langsung ngrembug piyé carané mbantu. Panitia Pengawas lan Panitia Penerbitan saka Pengurus Pusat njaluk tulung bèn Departemèn Pembelian Global kerja sama karo kantor cabang Ukraina lan Polandia. Dadi, Departemèn Pembelian Global saben dina rapat karo Departemèn Pembelian, Pengiriman, lan Hukum saka cabang Ukraina lan Polandia, lan karo siji anggota Panitia Cabang Ukraina.

Saben pakèt bantuan kuwi isiné kartu ucapan, panganan, sabun lan liya-liyané

 Jay Swinney saka Departemèn Pembelian Global ngomong, ”Pertama, kami kudu ngerti meréka kuwi butuhé apa waé. Terus, kami ya kudu ngerti piyé carané bèn ngirimé isa cepet tapi tetep aman.”

 Tanggal 9 Maret 2022, barang-barang sing dibutuhké wis didaftar. Ana panganan kalèngan, séréal, beras, kacang-kacangan, sabun, lan tisu toilèt. Kanggo kebutuhan wong siji selama patang minggu, kira-kira butuhé mèh sak juta rupiah. Nah merga sedulur-sedulur sing butuh bantuan ana éwonan, akhiré Panitia Pengawas ngatur bèn meréka dikirimi dhuwit manèh. Tapi, piyé carané ngirim bantuan kanggo para sedulur ing Ukraina?

 Tanggal 13 Maret, ana sedulur loro saka Polandia sing nyoba ngirim bantuan saka Polandia ing gudhang cedhak Lviv, Ukraina. Beberapa hari sakdurungé, kantor cabang Polandia lan Ukraina wis ngurus surat-surat bèn meréka isa mangkat. Kendaraané ya ditandhai nèk kuwi kanggo ngangkut bantuan. Kantor cabang ya takon karo sedulur-sedulur ing Ukraina endi dalan sing paling cepet. Merga bantuané Yéhuwah, ora nganti 24 jam sedulur loro mau isa ngirimké bantuan ing kabèh Panitia Penanggulangan Bencana ing Lviv, lan isa slamet bali ing Polandia.

 Sedulur loro mau berhasil ngirimké bantuan sing beraté sak ton. Tapi isih ana 200 ton manèh sing kudu dikirim. Piyé carané kuwi dikirim?

”Rakyatmu Bakal Réla”

 Sakwisé maca berita ing jw.org nèk Ukraina lagi perang, akèh sedulur-sedulur sing péngin mbantu. Ana sedulur-sedulur sing nyumbang dhuwit, tapi nèk sedulur-sedulur sing cedhak kono isa langsung mbantu.

 Misalé, ing Polandia sedulur-sedulur nyiapké akèh pakèt bantuan. Terus, bocah-bocah nggawèkké kartu ucapan. Bartosz Kościelniak, anggota Departemèn Pembelian kantor cabang Polandia ngomong, ”Kata-kata ing Mazmur 110:3 kuwi bener banget. Ana akèh sedulur-sedulur sing réla mbantu.”

 Terus, ana sedulur sing nduwé perusahaan jasa pengiriman internasional. Dhèwèké nyilihi beberapa truk lan ya nukokké solar. Dhèwèké ngomong, ”Aku seneng banget isa mbantu sedulur-sedulur.” Perjalanan kanggo ngirim bantuan kira-kira adohé 48.000 km lan butuh luwih saka 7.700 liter solar.

 Merga bantuané sedulur-sedulur, tanggal 28 Maret wis ana 100 ton panganan, obat-obatan, lan kebutuhan liyané sing dikirim ing Ukraina. Merga ana akèh sing nyumbangké barang-barang sing dibutuhké, organisasi dadi ora perlu ngetokké akèh dhuwit kanggo tuku pakèt bantuan. Nganti saiki, Seksi-Seksi Yéhuwah wis ngirimké luwih saka 190 ton bantuan kanggo sedulur-sedulur ing Ukraina. Piyé perasaané sedulur-sedulur sing nampa bantuan?

”Kami Bener-Bener Ngrasa Digatèkké lan Disayangi”

 Bar tekan Lviv, bantuan kuwi langsung diterké ing kutha-kutha liya. Meskipun sedulur-sedulur wis berusaha bèn ngirimé cepet, tetep waé ana sing suwé soalé jaraké adoh. Misalé ana sing jaraké luwih saka 1.300 km saka Lviv. a

 Markus Reinhardt, anggota Panitia Cabang Ukraina, ngomong, ”Sedulur-sedulur dadi ngrasakké dhéwé nèk Yéhuwah sayang karo meréka. Meréka ya ngrasakké nèk manut petunjuké organisasi kuwi bermanfaat. Contoné, ana petunjuk kudu nyimpen cadangan panganan lan air minum kanggo beberapa minggu. Sedulur-sedulur manut petunjuk kuwi. Merga manut, meréka isa bertahan nganti bantuané organisasi teka. Misalé, ana pinituwa ing Kyiv sing jenengé Anton crita nèk meréka isa bertahan merga wis nyimpen radio, panganan, lan air minum.”

 Piyé perasaané sedulur-sedulur sing dikirimi bantuan kuwi? Mykola karo Zinaida, ing Kharkiv ngomong, ”Maturnuwun banget kami wis dikirimi panganan lan obat. Yéhuwah bener-bener ngopèni kami liwat kalian.” Valentyna ngomong, ”Kèt awal perang kaé, nèk arep blanja antriné mesthi suwé. Terus barangé ya akèh sing wis entèk. Tapi Yéhuwah mbantu kami. Ana sedulur-sedulur sing ngirimi apa sing kami butuhké. Meskipun keadaané angèl, Yéhuwah lan organisasiné tetep nggatèkké lan mbantu. Kami bersyukur banget.”

 Yevhen, Iryna, karo Mykyta, saka Mariupol, ngomong, ”Maturnuwun banget wis ngirimi kami bantuan iki. Kami bener-bener ngrasa digatèkké lan disayangi”.

Yevhen, Iryna, karo Mykyta

 Merga Yéhuwah, sedulur-sedulur sing kena dampak perang isa éntuk bantuan. Kuwi ya merga njenengan wis nyumbang ing donate.isa4310.com. Maturnuwun merga njenengan wis murah hati.

Ngirimké Bantuan ing Ukraina

  1. 24 Februari 2022: Panitia Pengawas ngatur bèn ana dana sing dikirimké kanggo mbantu sedulur-sedulur ing Ukraina.

  2. 24 Februari –8 Maret 2022: Kantor cabang Ukraina tuku barang-barang sing dibutuhké, terus ngedumké kuwi liwat Panitia Penanggulangan Bencana. Kantor cabang Ukraina ya dikirimi bantuan saka Polandia.

  3. 9 Maret 2022: Panitia Pengawas ngatur bèn bantuan-bantuan kuwi isa dikirim ing Ukraina.

  4. 10–12 Maret 2022: Nggawé rencana percobaan pengiriman bantuan saka Polandia ing Lviv, Ukraina.

  5. 13 Maret 2022: Percobaan pengiriman bantuan saka Polandia ing Lviv, Ukraina.

  6. 14–16 Maret 2022: Rélawan Rancang/Bangun Setempat nyiapké pakèt bantuan ing Balai Pertemuan cedhak Poznan, Polandia.

  7. 17 Maret 2022: Telulas ton bantuan mulai dikirimké ing Ukraina.

  8. 21–27 Maret 2022: Pakèt bantuan saka Polandia langsung dikirimké ing Ukraina, terus langsung dibagi.

  9. 28 Maret 2022: Total wis 100 ton bahan panganan, obat-obatan, lan bantuan liya sing dikirim ing Ukraina.

 Nganti saiki, bantuan sing dikirim ing Ukraina wis luwih saka 190 ton.

a Bèn ngerti piyé carané ngirimké bantuan iki, wacanen artikel ”Saudara-Saudara di Ukraina Mempertaruhkan Nyawa untuk Mengantarkan Bantuan dan Menyelamatkan Rekan Seiman”.