Langsung mlebu

Naséhat ing Alkitab kanggo Wong sing Péngin Bunuh Diri

Naséhat ing Alkitab kanggo Wong sing Péngin Bunuh Diri

Jawaban ing Alkitab

 Ya. Alkitab kuwi asalé saka Gusti Allah sing ”menghibur wong-wong sing ngrasa susah”. (2 Korintus 7:6) Mémang Alkitab kuwi dudu buku keséhatan méntal, tapi ing Alkitab ana saran-saran sing isa mbantu wong-wong sing péngin bunuh diri. Saran kuwi ya isa mbantu njenengan.

 Saran-saran saka Alkitab

  • Critakna perasaané njenengan.

     Ayat: ”Kanca sejati kuwi terus nresnani lan dadi sedulur sing isa diendelké wektu ana kesusahan.”​—Wulang Bebasan 17:17.

     Artiné: Wektu lagi strès, awaké dhéwé butuh bantuané wong liya.

     Nèk ora gelem crita karo wong liya kuwi isa nggawé luwih strès. Tapi nèk gelem crita, kuwi isa nggawé awaké dhéwé ngrasa luwih lega.

     Saran: Njenengan isa nyoba crita karo keluarga utawa kanca sing isa dipercaya. a Njenengan ya isa nyoba nulis apa sing lagi dirasakké.

  • Berobat ing dokter.

     Ayat: ”Wong sing séhat ora mbutuhké dokter. Sing mbutuhké dokter kuwi wong sing lara.”​—Matius 9:12.

     Artiné: Nèk lara awaké kudu berobat ing dokter.

     Nèk kepéngin bunuh diri kuwi sakjané tandha nèk awaké dhéwé lagi ngalami gangguan méntal. Dadi, awaké dhéwé ora perlu isin berobat ing dokter, kaya nèk pas awaké dhéwé lagi lara.

     Saran: Njenengan isa segera berobat ing dokter.

  • Élinga nèk Gusti Allah perduli.

     Ayat: ”Manuk emprit lima nèk diedol regané mung rong dhuwit rècèh cilik, ta? Ning, ora ana manuk siji waé sing dilalèkké Gusti Allah. . . . Mula aja wedi, kowé luwih berharga timbang akèh manuk emprit.”​—Lukas 12:6, 7.

     Artiné: Gusti Allah nganggep njenengan berharga.

     Njenengan mungkin ngrasa nèk ora ana sing perduli. Tapi, Gusti Allah sakjané perduli karo njenengan meskipun njenengan kepéngin bunuh diri. Ing Mazmur 51:17 disebutké, ”Oh Gusti Allah, Njenengan ora bakal nolak wong sing . . . ngrasa gela.” Gusti Allah péngin njenengan tetep urip, merga Dhèwèké sayang karo njenengan.

     Saran: Njenengan isa maca ayat-ayat ing Alkitab sing njelaské nèk Gusti Allah sayang karo njenengan. Misalé, deloken buku Mendekatlah Kepada Yehuwa pasal 24.

  • Ndonga.

     Ayat: ”Kowé kudu masrahké kabèh rasa kuwatirmu marang Gusti Allah merga Dhèwèké perduli karo kowé.”​—1 Pétrus 5:7.

     Artiné: Gusti Allah péngin awaké dhéwé nyritakké masalahé awaké dhéwé.

     Gusti Allah isa mbantu awaké dhéwé tenang lan tetep kuwat. (Filipi 4:6, 7, 13) Kuwi carané Gusti Allah njawab dongané wong sing njaluk bantuané dhèwèké.​—Mazmur 55:22.

     Saran: Njenengan isa ndonga nggunakké jenengé Gusti Allah, yaiku Yéhuwah. Critakna perasaané njenengan. (Mazmur 83:18) Njaluka bantuané bèn njenengan isa tetep kuwat.

  • Mikirké harapan sing ana ing Alkitab.

     Ayat: ”Harapan sing njaga uripé awaké dhéwé kuwi kaya jangkar. Harapan kuwi nggawé awaké dhéwé tetep kuwat lan yakin.”​—Ibrani 6:19.

     Artiné: Émosiné njenengan mungkin ora stabil, kaya kapal wektu ana badai. Tapi, harapan sing ana ing Alkitab isa nguwatké njenengan.

     Harapan kuwi mesthi bener-bener kelakon merga Gusti Allah wis janji nèk bakal nyingkirké kabèh kesusahan.​—Wahyu 21:4.

     Saran: Njenengan isa maca buku Kabar Apik saka Gusti Allah! bab 5 bèn isa ngerti luwih akèh soal harapan ing Alkitab.

  • Nggolèk kegiatan sing disenengi.

     Ayat: ”Ati sing seneng kuwi obat sing manjur.”​—Wulang Bebasan 17:22.

     Artiné: Nèk nggolèk kegiatan sing disenengi, kuwi isa nggawé awaké dhéwé luwih rileks.

     Saran: Nggolèka kegiatan sing disenengi, misalé ngrungokké musik, maca buku, utawa liyané. Njenengan ya isa mbantu wong liya. Kuwi isa nggawé njenengan luwih bahagia.​—Kisah 20:35.

  • Njaga keséhatan.

     Ayat: ”Olahraga kuwi [ana] manfaaté.”​—1 Timotius 4:8.

     Artiné: Awaké dhéwé isa luwih séhat nèk olahraga teratur, istirahat sing cukup, lan mangan panganan sing séhat.

     Saran: Njenengan isa olahraga paling ora 15 menit saben dina.

  • Élinga nèk saben masalah kuwi ana jalan keluaré.

     Ayat: ”Kowé ora ngerti kaya apa uripmu sésuk.”​—Yakobus 4:14.

     Artiné: Masalah sing abot banget isa waé kuwi mung sementara.

     Meskipun masalahé kétoké abot banget, tapi kuwi mesthi ana jalan keluaré. (2 Korintus 4:8) Dadi, masalahé awaké dhéwé suwé-suwé mungkin isa rampung. Tapi nèk bunuh diri, masalahé malah ora isa rampung.

     Saran: Njenengan isa maca pengalaman ing Alkitab soal wong-wong sing ngrasa péngin bunuh diri, tapi akhiré wong-wong kuwi isa kuwat ngadhepi masalahé. Ayo didelok conto-contoné.

 Conto-conto ing Alkitab soal wong-wong sing péngin bunuh diri

 Ing Alkitab ana wong-wong sing tau péngin bunuh diri. Tapi, Gusti Allah ora nesu justru malah mbantu wong-wong kuwi. Dadi, Gusti Allah mesthi ya bakal mbantu njenengan.

Èlia

  •  Èlia kuwi sapa? Èlia kuwi nabi sing kendel. Tapi dhèwèké ya tau putus asa. Ing Yakobus 5:17 disebutké, ”Èlia kuwi wong sing nduwé perasaan kaya awaké dhéwé.”

  •  Ngapa kok Èlia péngin mati? Èlia tau ngrasa wedi lan ora berharga. Mula Èlia ngomong, ”Yéhuwah, jupuken waé nyawaku!”​—1 Para Raja 19:4.

  •  Piyé carané Èlia isa kuwat manèh? Èlia nyritakké perasaané karo Gusti Allah. Terus, Gusti Allah mbantu dhèwèké lan nduduhké kuwasané. Gusti Allah ya nggawé Èlia yakin nèk dhèwèké kuwi berharga lan Gusti Allah nugaské wong liya bèn mbantu Èlia.

  •  Ayat: 1 Para Raja 19:2-18.

Ayub

  •  Ayub kuwi sapa? Ayub kuwi wong sugih, lan dhèwèké setya nglayani Gusti Allah.

  •  Ngapa kok Ayub péngin mati? Ayub ngadhepi akèh masalah. Kabèh hartané entèk, anak-anaké mati, terus Ayub ya lara parah. Ayub ya ditudhuh nèk kabèh masalahé kuwi merga salahé Ayub. Akhiré Ayub ngomong, ”Aku sengit karo uripku, aku ora gelem urip terus.”​—Ayub 7:16.

  •  Piyé carané Ayub isa kuwat manèh? Ayub ndonga lan crita karo wong liya. (Ayub 10:1-3) Ayub ya dibantu karo Èlihu bèn nduwé pandhangan sing bener manèh. Terus, Ayub ya gelem nampa bantuan lan naséhat saka Gusti Allah.

  •  Ayat: Ayub 1:1-3, 13-​22; 2:7; 3:1-13; 36:1-7; 38:1-3; 42:1, 2, 10-13.

Musa

  •  Musa kuwi sapa? Musa kuwi pemimpiné bangsa Israèl lan nabi sing setya.

  •  Ngapa kok Musa péngin mati? Musa nduwé tugas sing abot. Dhèwèké ya terus-terusan diprotès nganti akhiré wis ora kuwat manèh. Musa ngomong karo Gusti Allah, ”Patènana waé aku saiki.”​—Wilangan 11:11, 15.

  •  Piyé carané Musa isa kuwat manèh? Musa nyritakké perasaané karo Gusti Allah. Terus, Gusti Allah mbantu Musa bèn ora terlalu strès manèh.

  •  Ayat: Wilangan 11:4-6, 10-17.

a Nèk ora ana kanca utawa keluarga sing isa dihubungi, njenengan isa nélpon nomer télépon darurat ing dhaérahé njenengan.