Langsung mlebu

Tandha Pengenal Segitiga Ungu

Tandha Pengenal Segitiga Ungu

 Maud manggon ing Prancis lan gawéané dadi pendamping ing kelas kanggo bocah-bocah sing cacad. Durung suwé iki, murid-murid ing salah siji kelas sinau soal kamp konsèntrasi lan pembantaian sing ditindakké Nazi. Para tahanan kuwi kudu nganggo tandha pengenal berwarna sing dijahit ing seragamé. Werna lan bentuk tandha pengenal kuwi nduduhké apa alesané wong kuwi dipenjara.

 Wektu njelaské, guruné nganggep nèk tandha pengenal segitiga ungu dadi tandha kanggo para tahanan sing homosèks. Sakwisé pelajarané rampung, Maud njelaské karo guru kuwi nèk Nazi nggunakké tandha segitiga ungu kanggo nduduhké nèk wong-wong kuwi Seksi Yéhuwah. * Maud péngin nduduhké katrangan soal kuwi. Terus, guruné setuju lan ngongkon Maud njelaské katrangan kuwi kanggo murid-murid ing kelas.

 Ing kelas liyané, ana guru sing nggunakké tabèl kanggo njelaské tandha-tandha sing digunakké para tahanan. Tabèl kuwi nduduhké nèk segitiga ungu dadi tandha kanggo Seksi Yéhuwah. Sakwisé pelajarané rampung, Maud péngin njelaské katrangan luwih akèh soal kuwi. Guruné setuju lan ngatur kapan wektu sing cocog bèn Maud isa njelaské katrangan kuwi karo murid-muridé.

Buku sing dienggo Maud kanggo njelaské

 Maud wis nyiapké 15 menit kanggo prèsentasi ing kelas sing pertama. Ning wektu arep mulai prèsentasi, guruné malah ngongkon Maud nggunakké kabèh jam pelajarané. Maud mulai prèsentasiné nggunakké vidéo soal penganiayaan sing ditindakké Nazi marang Seksi-Seksi Yéhuwah. Wektu vidéoné nduduhké soal pamréntah Nazi sing nyulik 800 anaké Seksi-Seksi Yéhuwah, Maud ngendhegké vidéoné terus macakké pengalamané telung cah cilik sing dadi korban. Kanggo penutup prèsentasiné, Maud macakké surat terakhir saka Gerhard Steinacher, yaiku Seksi Yéhuwah saka Austria sing umuré 19 taun. Surat kuwi ditulis kanggo wong tuwané ing taun 1940 sakdurungé dhèwèké dihukum mati karo pamréntah Nazi. *

 Maud ya nggunakké prèsentasi sing padha ing kelas sing keloro. Merga Maud kendel, guru-guru kuwi saiki dadi nyebutké Seksi-Seksi Yéhuwah wektu mulangké soal korban kamp kosentrasi Nazi.

^ Wektu Perang Dunia II, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Jerman sing biasa disebut Siswa-Siswa Alkitab dipenjara merga nolak kanggo ndhukung Nazi.

^ Gerhard Steinacher dihukum mati merga ora gelem dadi tentara Jerman. Ing surat terakhiré, dhèwèké nulis, ”Aku isih enom. Aku isa kuwat merga Gusti Allah mènèhi aku kekuwatan, lan mung kuwi sing tak jaluk.” Sésuk isuké Gerhard diukum mati. Ing batu nisané ditulisi, ”Dhèwèké mati kanggo ngajèni Allah.”