Langsung mlebu

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ngganti Isiné Alkitab Bèn Cocog karo Kapercayané?

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Ngganti Isiné Alkitab Bèn Cocog karo Kapercayané?

 Ora. Malah, Seksi-Seksi Yéhuwah ngowahi kapercayané yèn kuwi ora cocog karo Alkitab.

 Sakdurungé nggawé Kitab Suci Terjemahan Dunia Baru édhisi basa Inggris ing taun 1950, Seksi-Seksi Yéhuwah nliti akèh terjemahan Alkitab kanggo dhasar kapercayané. Gatèkna conto-conto kapercayané Seksi-Seksi Yéhuwah wiwit mbiyèn, supaya panjenengan bisa mikiraké apa kuwi cocog karo ajarané Alkitab.

  1.   Kapercayan: Gusti Allah dudu Tritunggal. Majalah Zion’s Watch Tower sasi Juli 1882 kandha yèn Seksi-Seksi Yéhuwah percaya marang Yéhuwah, Yésus, lan Roh suci, ning ora percaya karo ajaran Tritunggal sing ngajaraké yèn Gusti Allah kuwi telu ning dadi siji, utawa siji bisa dadi telu. Ajaran kuwi dhasaré dudu saka Alkitab.

      Alkitab kandha: ”Pangéran Yéhuwah iku siji.” (Pangandharing Torèt 6:4, Basa Jawi Resmi) ”Mung ana Gusti Allah siji, yakuwi sang Rama, sing nitahaké samubarang kabèh, lan kita padha urip kagem Panjenengané. Lan mung ana Gusti siji, yakuwi Gusti Yésus Kristus, sing dadi lantarané samubarang kabèh katitahaké, lan urip kita iki uga merga Panjenengané.” (1 Korinta 8:6, Basa Jawi Padintenan) Yésus uga ngomong: ”Gusti Allah Bapakku kuwi gedéné ngungkuli Aku.”​—Yokanan 14:28, Basa Jawa Suriname.

  2.   Kapercayan: Manungsa ora disiksa saklawasé ing neraka. Judhul majalah Zion’s Watch Tower sasi Juni 1882 ngutip Rum 6:​23 saka terjemahan King James Version, yaiku ”Opahé Dosa Kuwi Mati”. Majalah kuwi kandha, ”Ayat kuwi cetha banget lan gampang ditampa. Ning, wong-wong sing ngaku percaya yèn Alkitab kuwi Sabdané Gusti Allah malah percaya sewaliké, lan wong-wong kuwi yakin yèn miturut Alkitab, opahé dosa kuwi disiksa saklawasé.”

      Alkitab kandha: ”Jiwa sing nggawé dosa iku uga bakal mati.” (Yéheskièl 18:​4, 20, Terjemahan Lama) Hukuman kanggo wong sing ora manut Gusti Allah kuwi dudu disiksa saklawasé, ning ”mati saklawasé”.​—2 Tésalonika 1:9, Terjemahan Baru.

  3.   Kapercayan: Kratoné Gusti Allah kuwi pamréntahan sing nyata, ora ing njero ati. Majalah Zion’s Watch Tower sasi Desember 1881 kandha, ”Madegé kraton iki nyebabaké kabèh kraton utawa pamréntahan ing donya iki disirnakaké.”

      Alkitab kandha: ”Nanging ing jamanipun para ratu, Allahipun saindenging langit badhé ngedegaken satunggaling karajan ingkang boten badhé risak ing salami-laminipun, sarta pangwaosipun boten badhé pindhah dhateng bangsa sanès: karajan punika badhé nggecak sadaya karajan saha sami dipun sirnakaken, nanging karajan punika piyambak badhé madeg ing salami-laminipun.”​—Dhanièl 2:​44, Basa Jawi Resmi.

Apa Seksi-Seksi Yéhuwah mung nggunakaké Terjemahan Dunia Baru bèn cocog karo kapercayané?

 Ora. Seksi-Seksi Yéhuwah terus nggunakaké akèh terjemahan Alkitab wektu nginjil. Senajan Seksi-Seksi Yéhuwah mbagèkaké gratis. Alkitab Terjemahan Dunia Baru kanggo sinau Alkitab, ning Seksi-Seksi Yéhuwah tetep seneng sinau Alkitab karo wong-wong sing nggunakaké Alkitab terjemahan liyané.