Langsung mlebu

Kena Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Marani Wong-Wong sing Wis Nduwé Agama?

Kena Apa Seksi-Seksi Yéhuwah Marani Wong-Wong sing Wis Nduwé Agama?

 Sakjané, akèh wong sing wis nduwé agama seneng ngrembug Alkitab. Seksi-Seksi Yéhuwah ngajèni yèn wong liya nduwé kapercayan sing béda, lan ora meksa wong supaya ngrungokaké kapercayané Seksi-Seksi Yéhuwah.

 Wektu rembugan karo wong liya, Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya nganggo cara sing ”alus lan andhap-asor”, merga kuwi sing dipréntahaké Alkitab. (1 Pétrus 3:15) Seksi-Seksi Yéhuwah ngerti yèn bakal ana sing ora gelem nampa kabar apik sing diwartakaké Seksi-Seksi Yéhuwah. (Matéus 10:14) Ning, Seksi-Seksi Yéhuwah ora bakal ngerti tanggepané wong yèn durung marani. Seksi-Seksi Yéhuwah uga ngerti yèn kahanané wong kuwi bisa malih.

 Contoné, ana wong sing mauné répot pas Seksi-Seksi Yéhuwah teka, ning liya dina gelem ngrungokaké. Wong-wong mbokmenawa ngadhepi masalah utawa kahanan sing ora nyenengaké, banjur kepéngin ngerti kabar apik saka Alkitab. Dadi, Seksi-Seksi Yéhuwah ngupaya marani wong-wong luwih saka sepisan.