Langsung mlebu

Nginjil marang Para Pelaut

Nginjil marang Para Pelaut

Cacahé pelaut sakdonya kira-kira ana siji setengah juta. Para pelaut mandheg ing pelabuhan sing béda-béda. Dadi, piyé Seksi-Seksi Yéhuwah bisa nginjil marang para pelaut? Wektu ana kapal mandheg ing pelabuhan, Seksi-Seksi Yéhuwah sing wis dilatih mara mrono kanggo mulang Alkitab lan ngekèki wacan Alkitab sing cocog karo basané para pelaut.

Piyé tanggepané para pelaut? Sedulur Stefano sing nginjil ing pelabuhan Vancouver, Kanada, kandha, ”Ana sing mikir nèk kabèh pelaut kuwi kasar. Pancèn ana sing kaya ngono, ning akèh-akèhé pelaut sing tak temoni wongé apikan lan péngin sinau. Akèh-akèhé percaya karo Gusti Allah lan péngin éntuk berkahé, mula apikan karo aku lan para sedulur.” Saka September 2015 tekan Agustus 2016, Seksi-Seksi Yéhuwah bisa nginjil ing kapal nganti luwih saka ping 1.600 ing Vancouver. Para pelaut nampa éwonan wacan Alkitab ing basa werna-werna, lan ana luwih saka 1.100 sing gelem sinau Alkitab.

Piyé carané nerusaké sinau Alkitab karo para pelaut?

Merga Seksi-Seksi Yéhuwah ana ing endi-endi, para pelaut sing arep nerusaké sinau Alkitab bisa njaluk sinau ing pelabuhan sing bakal ditekani. Contoné, ing sasi Mei 2016, Seksi-Seksi Yéhuwah ing Vancouver nginjil marang Warlito, tukang masak ing kapal barang. Dhèwèké diduduhi video Apa Sebabé Perlu Sinau Alkitab? lan mulai sinau Alkitab nggunakaké buku Kabar Apik saka Gusti Allah! Warlito seneng lan péngin terus sinau Alkitab, ning kapalé bakal lunga menyang pelabuhan Paranaguá ing negara Brasil.

Wektu kapalé mandheg in Paranaguá kira-kira sesasi bar kuwi, Warlito kagèt merga ana Seksi Yéhuwah loro saka Brasil nggolèki dhèwèké. Para Seksi kuwi ngerti soal Warlito saka para Seksi ing Vancouver. Warlito seneng banget bisa ketemu karo Seksi-Seksi Yéhuwah ing Brasil lan maturnuwun banget merga wis nemoni dhèwèké. Warlito gelem terus sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah ing pelabuhan-pelabuhan sing bakal diparani.