Langsung mlebu

”Hadiahé Gusti Allah kanggo Manungsa” ing Kota Harta Karun

”Hadiahé Gusti Allah kanggo Manungsa” ing Kota Harta Karun

Cluj-Napoca kuwi salah sijiné kutha sing paling gedhé ing Rumania, sing uga disebut Kota Harta Karun. Wektu ana pamèran buku Gaudeamus ing kutha kuwi tanggal 20-24 April 2016, Seksi-Seksi Yéhuwah mbukak gerai ing kono lan nduwé kesempatan omong-omongan lan mbagi wulangané Alkitab marang éwonan wong sing teka. Wong-wong kuwi péngin ngerti video, wacan Alkitab, lan Alkitab sing dipajang.

Ana sekolahan-sekolahan sing nggawé acara teka ing pamèran. Ana guru-guru sing ngejak murid-muridé marani gerainé Seksi-Seksi Yéhuwah. Murid-murid kuwi paling seneng karo sèri video animasi Dadi Kancané Yéhuwah. Akèh sing njaluk buku Cerita Alkitab lan buku Wulangen Anakmu. Wong wédok sing dadi petugas penitipan anak ndelok video animasi kuwi terus kandha karo kancané, ”Awaké dhéwé kudu nyathet alamat situs web [www.isa4310.com] iki bèn isa nyetèlké kabèh film kartun kuwi nggo bocah-bocah.”

Para murid sing isih remaja seneng banget karo video animasi papan tulis sing disetèl nganggo tablèt. Video sing didelok klebu video sing judhulé Tresna Tenan Apa Mung Kesengsem?, Cara Aman Nggunakké Jejaring Sosial, lan Ngadhepi Kanca sing Nakal lan Seneng Ngécé.

Pendhéta gréja Ortodoks lan bojoné bola-bali mara ing gerainé Seksi-Seksi Yéhuwah kanggo njupuk Alkitab Terjemahan Dunia Baru lan buku-buku. Pendhéta kuwi kandha nèk dhèwèké nggumun karo ”Indeks Kata-Kata Alkitab” lan sumber penerjemahan Alkitab Terjemahan Dunia Baru sing isa dipercaya. Dhèwèké ninggali nomer télépon lan njaluk diparani bèn isa sinau Alkitab karo Seksi-Seksi Yéhuwah.

Bojoné pendhéta kuwi takon ing bagéan endi ana katrangan bab bocah-bocah ing situs web jw.org. Para Seksi langsung nduduhké bagéan ”Anak-Anak” ing situs jw.org. Dhèwèké seneng banget wektu nonton video Ngomong sing Sabeneré. Sakwisé ndelok akèh katrangan ing situs web jw.org, pendhéta mau ngomong nek situs web kuwi ”Hadiahé Gusti Allah kanggo manungsa”.