Video Buku Alkitab

Katrangan bab buku-buku ing Alkitab.

Katrangan Buku Wilangan

Awaké dhéwé kudu manut karo Yéhuwah lan ngajèni wong-wong sing wis dipilih Yéhuwah.

Katrangan Buku Pangandharing Torèt

Saka Hukum Musa awaké dhéwé isa ngerti nèk Yéhuwah bener-bener sayang karo umaté.

Katrangan Buku Yosua

Ing buku Yosua ana keterangan soal bangsa Israèl sing ngalahké bangsa-bangsa ing Tanah Perjanjian, terus mbagi-mbagi tanah kuwi.

Katrangan Buku Para Hakim

Buku iki dijenengi Para Hakim merga isiné soal wong-wong lanang beriman sing mimpin lan mbébaské umaté Gusti Allah.

Katrangan Buku 1 Samuèl

Ing buku 1 Samuèl ana kisahé bangsa Israèl sing mauné dipimpin para hakim tapi bar kuwi dipréntah para raja.

Katrangan Buku 2 Samuèl

Apa buktiné nèk Daud rendah hati lan imané kuwat? Wacanen kisahé tokoh Alkitab sing terkenal lan disenengi akèh wong iki ing buku 2 Samuèl.

Katrangan Buku 1 Para Raja

Gatèkna kisahé bangsa Israèl sing awalé ayem lan makmur pas dipréntah Salomo, tapi bar kuwi ngalami akèh masalah pas terbagi dadi kerajaan Israèl lan Yéhuda.

Katrangan Buku 2 Para Raja

Wong-wong ing kerajaan Israèl sisih lor dadi susah merga ora setya karo Yéhuwah. Tapi isih ana sing nyembah Yéhuwah saktulusé ati lan diberkahi Yéhuwah.

Katrangan Buku 1 Babad

Ing buku 1 Babad, ana jeneng-jenengé wong sing dadi nènèk moyang lan keturunané Daud. Terus ya ana kisah soal Daud kèt dhèwèké dilantik dadi raja Israèl nganti matiné.

Katrangan Buku 2 Babad

Apa buktiné nèk manut karo Yéhuwah isa marakké awaké dhéwé berhasil? Wacanen kisahé raja-raja Yéhuda ing buku 2 Babad.

Katrangan Buku Ézra

Yéhuwah nepati janjiné kanggo mbébaské wong Yahudi saka Babilon lan nggawé meréka isa ngibadah manèh ing Yérusalèm.

Katrangan Buku Néhémia

Ana akèh sing isa dipelajari umaté Yéhuwah jaman saiki saka buku Néhémia.

Katrangan Buku Èster

Kisahé Èster isa marakké njenengan tambah yakin nèk Yéhuwah isa nguwatké lan nulungi umaté.

Katrangan Buku Ayub

Kabèh sing sayang karo Yéhuwah mesthi bakal ngadhepi masalah. Kisahé Ayub nggawé awaké dhéwé yakin nèk isa tetep setya lan terus ndhukung haké Yéhuwah kanggo mréntah.

Katrangan Buku Mazmur

Nèk maca buku Mazmur, awaké dhéwé isa ngrasa dikuwatké, dadi ngerti nèk Yéhuwah kuwi sing nduwé hak kanggo mréntah, lan ngerti piyé Kerajaané Gusti Allah bakal nggawé bumi dadi Firdaus.

Katrangan Buku Wulang Bebasan

Golèka tuntunan saka Gusti Allah kanggo urip saben dina, contoné kanggo urusan bisnis lan keluarga.

Katrangan Buku Kohèlèt

Raja Suléman nerangaké apa sing paling penting ing uripé manungsa, uga mbandhingaké kuwi karo sipat-sipat sing ora cocog karo kawicaksanan saka Gusti Allah.

Katrangan Buku Musthikaning Kidung

Katresnané prawan Sulam marang kekasihé, si pangon, diumpamakaké kaya murubé geniné Sang Yéhuwah. Apa sebabé?

Katrangan Buku Yésaya

Buku Yésaya isiné ramalan sing mesthi kelakon. Kuwi bisa nggawé awaké dhéwé saya yakin yèn Yéhuwah mesthi netepi janjiné lan nylametaké umaté.

Katrangan buku Yérémia

Yérémia setya nindakaké tugasé senajan dianiaya. Gatèkna tuladhané Yérémia sing isa ditrapaké wong Kristen ing jaman saiki.

Katrangan Buku Kidung Pangadhuh

Buku iki ditulis nabi Yérémia. Buku Kidung Pangadhuh nyritakaké remuké kutha Yérusalèm lan nduduhaké nèk wong-wong sing mertobat éntuk welas asihé Yéhuwah.

Katrangan Buku Yéheskièl

Yéheskièl andhap asor lan kendel nindakké tugas saka Yéhuwah senajan kuwi angèl. Iki isa dadi conto sing apik kanggo awaké dhéwé.

Katrangan Buku Dhanièl

Dhanièl lan kanca-kancané tetep setya marang Yéhuwah senajan ngadhepi kahanan sing angèl. Piwulang saka tuladhané Dhanièl lan kanca-kancané, lan piyé ramalan ing buku Dhanièl kelakon, cocog banget kanggo awaké dhéwé sing urip ing dina-dina wekasan.

Katrangan Buku Hoséa

Ramalané Hoséa nyritakké bab Yéhuwah sing gelem ngapura wong sing mertobat, lan ibadah kaya apa sing dikersakké Yéhuwah.

Katrangan Buku Yoèl

Yoèl ngramalké nèk ”dinané sang Yéhuwah” ora suwé manèh lan ngandhani carané bèn isa slamet. Ramalané kuwi penting banget kanggo jaman saiki.

Katrangan buku Amos

Yéhuwah nggunakké wong-wong sing andhap asor kanggo nindakké tugas penting. Apa sing isa disinaoni saka nabi Amos?

Katrangan Buku Obaja

Buku Obaja kuwi buku sing paling cendhak ing Kitab-Kitab Ibrani, utawa Perjanjian Lawas. Buku iki isiné ramalan lan janji nèk pamréntahané Yéhuwah bakal ana saklawasé.

Katrangan Buku Yunus

Nabi Yunus gelem dikandhani, gelem nglakoni tugasé, lan éntuk wulangan soal Yéhuwah sing nduwé katresnan lan rasa mesakké. Pengalamané ana gunané kanggo awaké dhéwé.

Katrangan Buku Mikha

Ramalan sing ana ing buku Mikha isa nguwatké iman lan nggawé awaké dhéwé yakin nèk préntahé Yéhuwah mesthi isa dilakoni lan ana gunané.

Katrangan Buku Nahum

Ramalan ing buku Nahum nggawé awaké dhéwé yakin nèk ramalané Yéhuwah mesthi kelakon lan wong-wong bakal urip ayem ing pamréntahané Yéhuwah.

Katrangan Buku Habakuk

Awaké dhéwé isa yakin nèk Yéhuwah ngerti cara lan wektu sing cocog kanggo nylametké umaté.

Katrangan Buku Hagai

Ramalan ing buku Hagai nduduhké pentingé ndhisikké ibadah marang Yéhuwah ketimbang kepentingané dhéwé.

Katrangan Buku Zakharia

Akèh wahyu lan ramalan wis nguwatké umaté Gusti Allah jaman mbiyèn. Ramalan-ramalan kuwi uga nguwatké umaté Yéhuwah jaman saiki.

Katrangan Buku Maléakhi

Isiné buku Maléakhi yaiku ramalan sing nerangké soal katresnan, welas asih, lan pathokané Yéhuwah sing terus padha. Ramalané uga isa kanggo jaman saiki.

Katrangan Buku Matéus

Golèka katrangan bab Buku Matéus, Injil sing kapisan saka patang Injil liyané.

Katrangan Buku Markus

Injil Markus iki sing paling singkat ketimbang telung Injil liyané. Cathetané Markus iki mènèhi gambaran singkat soal pamréntahané Yésus sing bakal dadi Raja Kratoné Allah.

Katrangan Buku Lukas

Katrangan apa sing mung ana ing Injil Lukas?

Katrangan Buku Yokanan

Injil Yokanan nyritakké katresnané Yésus marang manungsa, apa waé tuladha sipat andhap-asoré, lan apa buktiné nèk Yésus kuwi Sang Mèsih, Raja Kratoné Gusti Allah.

Katrangan Buku Kisah Para Rasul

Wong Kristen abad pertama ngupaya tenanan kanggo ndadèkké wong-wong saka kabèh bangsa dadi murid. Buku Kisah isa nggawé njenengan luwih semangat nginjil.

Katrangan Buku Roma

Arahan saka Yéhuwah soal ora mbédak-mbédakké lan pentingé nduduhké iman marang Yésus Kristus.

Katrangan Buku 1 Korintus

Ing suraté Paulus iki ana naséhat soal persatuan, njaga moral bèn tetep resik, katresnan, lan percaya karo kebangkitan.

Katrangan Buku 2 Korintus

Yéhuwah, ”Gusti Allah sing maringi panglipuran ing kahanan apa waé”, nguwatké lan ndhukung awaké dhéwé.

Katrangan Buku Galatia

Suraté Paulus kanggo jemaat Galatia isa ditrapké nganti saiki. Kuwi isa mbantu kabèh wong Kristen sejati terus setya.

Katrangan Buku Éfésus

Surat iki nandheské nèk Gusti Allah péngin mujudké perdamaian lan persatuan liwat Yésus Kristus.

Katrangan Buku Filipi

Nèk tetep setya senajan akèh tantangan, awaké dhéwé isa nguwatké wong liya bèn terus setya.

Katrangan Buku Kolose

Awaké dhéwé isa nyenengké Yéhuwah nèk ngetrapké apa sing dipelajari, seneng ngapura wong liya, lan ngakoni kedudukan lan wewenangé Yésus.

Katrangan Buku 1 Tésalonika

Awaké dhéwé kudu njaga kerohanian tetep apik, ʼmriksa kabèh perkara’, ʼterus ndonga’, lan nguwatké sedulur liyané.

Katrangan Buku 2 Tésalonika

Paulus ngorèksi pandhangan sing salah soal tekané dinané Yéhuwah. Dhèwèké ya mènèhi naséhat bèn para sedulur tetep setya karo Yéhuwah.

Katrangan Buku 1 Timotius

Paulus nulis 1 Timotius kanggo njelaské aturan-aturan ing jemaat, lan ngandhani bèn para sedulur ora ngrungokké ajaran palsu lan ora mburu bandha.

Katrangan Buku 2 Timotius

Paulus naséhati Timotius bèn tenanan nindakké pelayanané.

Katrangan Buku Titus

Suraté Paulus kanggo Titus sing ngrembug soal masalah ing jemaat sing ana ing Kréta lan ngandhani apa waé syaraté kanggo dadi pinituwa.

Katrangan Buku Filémon

Surat iki singkat. Ning, isiné ngrembug soal sipat rendah hati, apikan, lan seneng ngapura.

Katrangan Buku Ibrani

Dhasar saka ibadahé wong Kristen kuwi luwih unggul ketimbang bait lan korban kéwan.

Katrangan Buku Yakobus

Yakobus nggunakké perumpamaan sing jelas kanggo mulang pathokan penting kanggo wong Kristen.

Katrangan Buku 1 Pétrus

Surat pertamané Pétrus nguwatké awaké dhéwé bèn semangat ngabdi lan masrahké kabèh rasa kuwatiré awaké dhéwé marang Gusti Allah.

Katrangan Buku 2 Pétrus

Suraté Pétrus sing keloro iki nguwatké awaké dhéwé bèn isa tetep setya ngentèni langit anyar lan bumi anyar.

Katrangan Buku 1 Yohanes

Suraté Yohanes iki ngongkon awaké dhéwé bèn waspada karo antikristus lan mbantu awaké dhéwé ngerti soal apa sing kudu ditresnani lan apa sing ora.

Katrangan Buku 2 Yohanes

Suraté Yohanes sing keloro ngélingké awaké dhéwé bèn terus nindakké sing bener lan ora kena pengaruhé wong-wong sing seneng ngapusi.

Katrangan Buku 3 Yohanes

Suraté Yohanes sing ketelu mulang soal sipat nampa tamu sing diduwèni wong Kristen.

Katrangan Buku Yudas

Yudas nduduhké cara liciké wong-wong sing péngin ngapusi lan ngrusak jemaat Kristen.

Katrangan Buku Wahyu

Penglihatan-penglihatan sing luar biasa ing buku Wahyu nduduhké piyé carané Kratoné Allah bakal nggawé kepénginané Gusti Allah kanggo manungsa lan bumi kelakon.

Katrangan soal Alkitab

Gatèkna apa kaitané kabèh buku ing Alkitab karo téma utama Alkitab. Téma utamané soal jenengé Yéhuwah disucèkké sing bakal kelakon liwat Kerajaané sing dipréntah Yésus Kristus.