Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 92

Balé Ibadah kanggo Ngluhurké Jeneng-Mu

Balé Ibadah kanggo Ngluhurké Jeneng-Mu

(1 Babad 29:16)

  1. 1. Seneng banget rasa atiku

    mbangun Balé Ibadah-Mu.

    Balé sing dibangun abdi-Mu

    kanggo ngluhurké jeneng-Mu.

    Bandha, upaya, tenagaku,

    Tak ’nggo nyenengké ati-Mu,

    Merga kuwi kabèh berkah-Mu

    kanggo mulyakké jeneng-Mu.

    (REFREIN)

    Tak serahké Balé iki

    ’nggo ngluhurké jeneng-Mu.

    Muga-muga Balé iki

    nggawé seneng ati-Mu.

  2. 2. Ing bangunan sing apik iki,

    Péngin tak puji jeneng-Mu

    bareng karo kabèh umat-Mu

    lan wong sing lagi sinau.

    Aku mesthi bakal ngopèni,

    Ngrawat Balé Ibadah-Mu

    bèn isa terus digunakké

    kanggo mulyakké jeneng-Mu.

    (REFREIN)

    Tak serahké Balé iki

    ’nggo ngluhurké jeneng-Mu.

    Muga-muga Balé iki

    nggawé seneng ati-Mu.