Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 90

Nyemangati Liyané

Nyemangati Liyané

(Ibrani 10:24, 25)

  1. 1. Ayo nyemangati liyané,

    Bèn kabèh kuwat imané.

    Nèk ’dha nresnani seduluré,

    Mesthi akrab hubungané.

    Isa tetep kuwat tékadé,

    Meski akèh masalahé.

    Bakal terus tentrem uripé,

    Nèk bareng Yah lan umaté.

  2. 2. Para sedulur digatèkké

    bèn t’rus gedhé semangaté,

    Nganggo omongan sing nyenengké

    bèn isa seneng atiné.

    Seneng rasané ati iki

    isa bareng-bareng ngabdi.

    Wong sing susah ’dha ditulungi

    lan terus disemangati.

  3. 3. Kabèh padha terus ngentèni

    tekané dinané Gusti.

    Kuduné ngumpul dadi siji

    bèn isa t’rus setya ngabdi.

    Bareng karo Yah lan umaté,

    Isa ngabdi saklawasé.

    Kudu t’rus nguwatké liyané

    lan setya dadi abdiné.