Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 78

”Mulangké Omongané Gusti Allah”

”Mulangké Omongané Gusti Allah”

(Kisah 18:11)

  1. 1. Seneng lan puas rasané

    nèk mulang liyané

    soal Huwah lan carané

    bèn dadi kancané.

    Yésus ngajari muridé

    nresnani liyané,

    Mbantu sing tulus atiné

    manut Yah lan préntahé.

  2. 2. Kudu maca Kitab Suci

    lan ngetrapké kuwi.

    Tingkah laku kudu bener

    ’nggo nyenengké Gusti.

    Dadi conto ’nggo liyané,

    Niru Huwah Gusti,

    Bèn wong-wong sing dikabari

    dadi péngin t’rus ngabdi.

  3. 3. Wong sing mulang Kitab Suci

    didhukung Yah Gusti.

    Nèk ndonga njaluk dibantu,

    Yah mesthi nulungi.

    Wong sing gelem diajari

    kudu disayangi.

    Awaké dhéwé ya kudu

    t’rus maca Kitab Suci.