Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 5

Kuwasané Yéhuwah Luar Biasa

Kuwasané Yéhuwah Luar Biasa

(Mazmur 139)

  1. 1. Huwah, Njenengan kenal aku,

    Ngerti kabèh soal tumindakku.

    Pikiranku, omongan, lan sifatku

    mesthi kétok kabèh ana ing ngarep-Mu.

    Wektu Njenengan nggawé aku

    ing njeroné wetengé ibuku,

    Kuwi kabèh ditulis ing buku-Mu.

    Aku dadi péngin mulyakké jeneng-Mu.

    Oh Yéhuwah, gedhé banget k’wasa-Mu,

    Akèh banget pengetahuan-Mu,

    Lan Njenengan sing terus ndhukung aku.

    Huwah ana ’nggo nglindhungi aku.

    Meski ndhelik saka ngarep-Mu,

    Bèn Njenengan ora ndelok aku,

    Huwah mesthi bakal nemokké aku,

    Merga kabèh kétok ana ing ngarep-Mu.