Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 134

Anak-Anak Hadiah saka Yéhuwah

Anak-Anak Hadiah saka Yéhuwah

(Mazmur 127:3-5)

  1. 1. Wong tuwa kudu manut Yah

    wektu ndhidhik lan mulang anaké.

    Anak kuwi berkah saka Yah,

    Hadiah ’nggo wong tuwané.

    Huwah péngin mbantu wong tuwa

    bèn isa t’rus ngopèni anaké.

    Nèk wong tuwa manut karo Yah,

    Mesthi bakal akèh berkahé.

    (REFREIN)

    Anak-anak berkahé Gusti,

    Didhidhik lan disayangi,

    Diwulang lan t’rus diajari

    manut lan nglayani Gusti.

  2. 2. Préntah lan hukumé Huwah

    kudu ana ing njero atimu.

    Terus ajarana anakmu

    bèn manut karo Allahmu.

    Anak-anak t’rus diajari

    wektu lungguh, turonan, lan tangi,

    Supaya sukmbèn nèk wis gedhé

    tetep setya lan diberkahi.

    (REFREIN)

    Anak-anak berkahé Gusti,

    Didhidhik lan disayangi,

    Diwulang lan t’rus diajari

    manut lan nglayani Gusti.