Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

LAGU 120

Niru Yésus sing Rendah Hati

Niru Yésus sing Rendah Hati

(Matius 11:28-30)

  1. 1. Yésus kuwi pinter lan wicaksana.

    Yéhuwah mènèhi Yésus kuwasa.

    Tapi Yésus rendah hati sifaté,

    Ora nggolèk kepentingané dhéwé.

  2. 2. Yésus mbantu wong sing susah atiné

    bèn ora terus sengsara uripé.

    Wong-wong sing setya lan semangat ngabdi

    mesthi bakal t’rus disayangi Gusti.

  3. 3. Aja sombong, kudu t’rus rendah hati.

    Para sedulur kabèh disayangi.

    Nèk t’rus manut lan setya karo Gusti,

    Saklawasé bakal urip ing bumi.