Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KUWASANÉ ALKITAB

Aku Kejem lan Kasar

Aku Kejem lan Kasar
  • LAIR TAUN: 1974

  • NEGARA ASAL: MEKSIKO

  • MBIYÈNÉ: SENENG TUMINDAK KASAR WEKTU ISIH ENOM, LAN BRANGASAN

MBIYÈN:

Aku dilairké ing Ciudad Mante, dhaérah sing élok banget ing kutha Tamaulipas, Meksiko. Sakjané, wong-wong sing manggon ing kutha kuwi loma lan apikan. Ning, merga ana kumpulan wong sing seneng tumindak jahat, dhaérah iki dadi mbebayani.

Aku nduwé sedulur lanang papat lan aku anak sing kepindho. Aku dibaptis ing Gréja Katolik, banjur aku mèlu paduan swara ing gréja kuwi. Aku péngin nyenengké Gusti Allah merga aku wedi banget nèk bakal dihakimi lan diobong ing neraka saklawasé.

Wektu aku umur limang taun, bapakku ninggalké keluargaku. Kuwi nggawé aku sedhih banget lan ngrasa hampa. Aku ora mudheng apa sebabé bapakku ora perduli manèh karo keluarga, padhahal aku lan keluarga tresna banget karo bapak. Akhiré, ibukku kudu nyambut gawé sedina muput kanggo nyukupi kebutuhané anak-anaké.

Aku nggunakké kesempatan iki kanggo mandheg sekolah lan nggabung karo bocah-bocah sing luwih tuwa. Wong-wong kuwi ngongkon aku sumpah, ngrokok, nyolong lan jotos-jotosan. Aku péngin luwih unggul timbang liyané, mula aku sinau tinju, gulat, lan seni béla dhiri, uga nggunakké senjata-senjata. Aku dadi wong sing seneng tumindak kasar. Aku kerep tembak-tembakan lan tau nganti awakku kebak getih lan mèh mati nèng dalan. Ibukku sedhih banget merga nemokké aku wektu kondhisiku kaya ngono, banjur nggotong aku lan digawa ing rumah sakit.

Wektu umurku 16 taun, kanca cilikku sing jenengé Jorge dolan ing omahku. Jorge kandha nèk dhèwèké wis dadi Seksi Yéhuwah lan péngin ngekèki warta penting kanggo keluargaku. Banjur, dhèwèké nerangké bab agamané nggunakké Alkitab. Aku ora tau maca Alkitab, lan aku seneng banget sinau bab asmané Gusti Allah lan janjiné. Jorge nawani aku sinau Alkitab bareng karo keluargaku. Lan, aku uga keluargaku gelem sinau.

CARANÉ ALKITAB MBANTU AKU:

Aku seneng banget isa ngerti nèk neraka kuwi ora tau diwulangké ing Alkitab. (Jabur 146:4; Kohèlèt 9:5) Sakwisé sinau Alkitab, aku ora ngrasa wedi manèh marang Gusti Allah. Malah, aku dadi ngerti nèk Gusti Allah kuwi kaya bapak sing kebak katresnan lan péngin anak-anaké urip seneng.

Sakwisé aku terus sinau Alkitab, aku ngerti nèk ana sing kudu diowahi saka uripku. Aku kudu ngupaya andhap asor lan mandheg tumindak kasar. Naséhat sing dicathet ing 1 Korinta 15:33 mbantu aku. Ayat kuwi kandha, ”Sesrawungan kang ala iku ngrusak padatan kang becik,” utawa ngrusak sipat-sipat sing apik. Aku kudu ngowahi sipat-sipatku lan mandheg srawung karo wong-wong sing mènèhi pengaruh sing ala kanggo aku. Dadi, saiki aku kudu kekancan karo para sedulur ing jemaat Kristen, dudu karo kanca-kanca lawasku manèh. Para sedulur kuwi ngrampungi masalah ora nganggo tumindak kasar, ning, nganggo cara ngetrapké pathokan-pathokané Alkitab.

Ayat liya sing ana pengaruhé kanggo aku yaiku Rum 12:17-19, sing kandha, ”Aja males ala marang wong kang gawé piala. . . . Sabisa-bisa yèn pancèn gumantung marang kowé, andona rukun karo wong kabèh. Para sadulurku kang kinasih, aja nganti kowé dhéwé padha nandukaké piwales, . . . sabab ana tulisan mangkéné: ’Pamales iku wewenangingSun. Ingsun kang bakal malesaké,’ mangkono pangandikaning Pangéran.” Aku mulai masrahké bèn Yéhuwah dhéwé sing bakal nyingkirké sing ora adil nganggo cara lan wektu sing cocog karo kersané Yéhuwah. Saya suwé, aku isa ngilangké kebiasaanku sing kasar.

Aku ora bakal lali kedadéan wektu soré aku bali ing omah. Aku diserang karo kumpulan cah-cah enom sing dadi mungsuhé gèngku ndhisik, lan pentholané gèng kuwi njotos aku karo mbengok, ”Ayo gelut!” Wektu kuwi aku langsung ndonga karo Yéhuwah, bèn aku isa tetep sabar senajan diserang. Senajan aku péngin banget mbales, ning, akhiré aku isa nyingkir saka kono. Sesuké, aku ketemu karo pentholané gèng mau. Aku nesu banget lan péngin mbales, ning aku njaluk tulung manèh marang Yéhuwah bèn isa sabar. Aku kagèt kok wong kuwi malah marani aku lan kandha, ”Njaluk ngapura ya merga kedadéan wingi. Sakjané aku péngin kaya kowé, isa sinau Alkitab.” Aku seneng banget merga aku isa tetep sabar, lan ora gampang nesu. Sakwisé kuwi, aku lan wong kuwi sinau Alkitab.

Sayangé, wektu kuwi keluargaku mandheg sinau Alkitab. Ning, aku tetep terus sinau Alkitab, lan apa waé utawa sapa waé ora isa ngalangi aku sinau Alkitab. Aku ngerti nèk ajeg sesrawungan karo umaté Gusti Allah bakal nambani rasa lara atiku, lan sedulur-sedulur ing jemaat isa dadi keluargaku. Akhiré, aku dibaptis taun 1991 dadi salah sijiné Seksi-Seksi Yéhuwah.

PAÉDAHÉ KANGGOKU:

Aku ndhisik pancèn kejem, seneng nguwasani wong liya, lan kasar. Ning, Alkitab wis ngowahi uripku. Saiki, aku martakké kabar apik saka Alkitab marang wong liya sing gelem ngrungokké. Aku nduwé kaurmatan sing gedhé merga wis 23 taun ngabdi dadi perintis nganti saiki.

Aku wis tau dadi sukarelawan ing kantor cabang Seksi-Seksi Yéhuwah ing Meksiko. Ing kono, aku ketemu karo Claudia, lan akhiré nikah taun 1999. Aku seneng banget merga Yéhuwah wis mènèhi aku sisihan sing setya.

Aku lan bojoku bebarengan ngabdi ing jemaat Basa Isyarat Meksiko, mbantu wong-wong sing tunarungu bèn isa sinau bab Yéhuwah. Banjur, Aku lan bojoku diundang pindah nèng kutha Belize kanggo mulang Alkitab marang wong-wong ing kono. Senajan urip sedherhana, ning aku lan bojoku isa seneng banget, lan iki ora bakal tak ganti karo apa waé.

Akhiré, ibukku mulai sinau Alkitab manèh lan dibaptis. Uga, masku, bojoné, lan anak-anaké dadi Seksi-Seksi Yéhuwah. Kanca-kanca lawasku saiki uga ana sing ngabdi marang Yéhuwah.

Sayang banget, ana anggota keluargaku sing mati merga ora ngowahi tumindaké sing kasar. Mbokmenawa, nèk aku terus tumindak kasar kaya ngono, aku uga isa mati. Aku ngucap sokur marang Yéhuwah merga wis sabar lan apikan mbantu aku dadi abdiné lan mulang aku bèn isa ngetrapké pathokan-pathokan ing Alkitab.