Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Ing pamréntahané Gusti Allah, wong-wong ”bakal bungah-bungah marga ngrasakaké katentreman kang linuwih”.​—Jabur 37:11

Apa Kandhané Alkitab?

Apa Kandhané Alkitab?

Apa Alkitab isa mbantu panjenengan ngatasi rasa kuwatir?

Apa jawaban panjenengan?

  • Iya

  • Ora

  • Ora ngerti

Kandhané Alkitab

”Sakabèhing sumelangmu pasrahna marang Panjenengané, sabab Panjenengané kang ngopèni kowé kabèh.” (1 Pétrus 5:7) Alkitab mènèhi jaminan nèk Gusti Allah isa mbantu panjenengan ngatasi rasa kuwatir.

Apa manèh sing isa disinau saka Alkitab?

  • Liwat donga, panjenengan isa ngrasakké ”tentrem-rahayu kang saka ing Gusti Allah” sing isa ngurangi rasa kuwatir.​—Filipi 4:6, 7.

  • Maca Kitab Suci uga isa mbantu panjenengan ngatasi strès.​—Matéus 11:28-30.

Apa rasa kuwatir bakal ana entèké?

Ana sing percaya . . . nèk rasa kuwatir lan strès kuwi wis lumrah dialami manungsa, sing liyané percaya nèk rasa kuwatir kuwi isa ilang nèk wis urip ing swarga. Piyé nurut panjenengan?

Kandhané Alkitab

Gusti Allah bakal nyingkirké kabèh sing nyebabké kuwatir. ”Bakal ora ana pati manèh; kasusahan lan pasambat apadéné karubedan iya bakal wus ora ana.”​—Wahyu 21:4.

Apa manèh sing isa disinau saka Alkitab?

  • Ing pamréntahané Gusti Allah, wong-wong bakal urip ayem tentrem.​—Yésaya 32:18.

  • Strès lan rasa kuwatir bakal wis ora ana manèh.​—Yésaya 65:17.