Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Gusti Allah Nduwé Empati

Gusti Allah Nduwé Empati

SINAU SAKA CIPTAAN

Dr. Rick Hanson, sing ahli bab kesehatan mental kandha, ”Empati kuwi gawan bayi.” Empati yaiku ”kemampuan kanggo ngrasakké perasaané wong liya lan mbayangké piyé rasané nèk kita dhéwé sing ngalami bab kuwi”.

COBA DIPIKIR: Ing bumi, mung manungsa sing nduwé empati. Apa sebabé? Alkitab nerangké nèk manungsa digawé mirip gambaré Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 1:26) Kita nduwé kemampuan kanggo nduduhké sipat-sipat sing diduwèni Gusti Allah. Dadi, wektu kita nulungi wong liya merga nduwé rasa empati, kita sakjané niru Yéhuwah sing welas asih.​—Wulang Bebasan 14:31.

APA KANDHANÉ ALKITAB?

Gusti Allah ora seneng ndelok kita susah lan isa ngerti rasané susah. Contoné, mbiyèn bangsa Israèl dadi budhak lan disiksa ing Mesir, terus ngalami kasusahan ing padhang belantara nganti 40 taun. Alkitab kandha, ”Wektu wong-wong kuwi susah, Gusti Allah uga ngrasa susah.” (Yésaya 63:9, NW) Gusti Allah isa ngrasakké kasusahan sing dialami umaté. Gusti Allah kandha, ’Sing sapa nggepok kowé dadi nggepok thelenging paningal-Ku.’ (Zakharia 2:8) Dadi wektu kita kelara-lara, Gusti Allah ya ngrasakké.

Isa waé kita rumangsa ora pantes éntuk welas asihé Gusti Allah. Ning, Alkitab kandha, ”Gusti Allah luwih gedhé ketimbang ati kita lan ngerti sakabèhé.” (1 Yohanes 3:19, 20) Gusti Allah luwih kenal kita timbang kita dhéwé. Gusti Allah ngerti tenan kahanan, pikiran, lan perasaan kita. Mula, Gusti Allah uga isa ngrasakké kasusahan sing kita alami.

Kita isa ngrasa lega senajan ngalami kasusahan, merga kita isa éntuk kawicaksanan lan dhukungan saka Gusti Allah

Ayat-ayat sing dadi jaminan

  • ”Manawa sira munjuk, Pangéran Yéhuwah bakal paring wangsulan samangsa sira sesambat nyuwun tulung, Panjenengané bakal ngandika: Lah iki Ingsun ana ing kéné!”​—YÉSAYA 58:9.

  • ”’Awit Ingsun iki nguningani rancanganingSun tumrap sira, yaiku: rancangan tentrem rahayu lan dudu rancangan bilai, yaiku supaya sira kebak pangarep-arep kang becik tumrap ing bésuké,’ mangkono pangandikané Sang Yéhuwah. ’Lan samangsa sira sesambat lan sowan kanthi panyuwun marang Ingsun, Ingsun iya bakal nyembadani panyuwunira iku.’”​—YÉRÉMIA 29:11, 12.

  • ”Luh kawula Paduka rimat wonten ing impes Paduka; sadaya rak sampun sami Paduka cathet wonten ing Kitab Paduka?”​—JABUR 56:9.

GUSTI ALLAH NGERTÈNI PERASAAN KITA

Apa paédahé ngerti nèk Gusti Allah kuwi isa ngrasakké kasusahan kita? Gatèkna pengalamané Maria:

”Aku ngrasa urip iki abot lan ora adil. Sakwisé lara kanker rong taun, anakku lanang mati wektu umuré 18 taun. Aku nesu karo Yéhuwah merga ora nulungi lan marèkké anakku.

”Nem taun sakbanjuré, ana sedulur seiman sing apikan lan gelem ngrungokké wektu aku nyritakké perasaanku bab Yéhuwah nganti pirang-pirang jam. Sakwisé kuwi, dhèwèké ngutip 1 Yohanes 3:19, 20 sing kandha, ”Gusti Allah luwih gedhé ketimbang ati kita.” Banjur dhèwèké kandha nèk Yéhuwah ngertèni kasusahan kita.

”Ning, aku tetep nesu karo Yéhuwah. Banjur, aku maca Jabur 94:19, sing kandha, ’Manawi ing batos kawula saya mindhak kathah ingkang kawula manah; panglipur Paduka ingkang ngayemaken manah kawula.’ Aku ngrasa nèk ayat iki ditulis kusus kanggo aku. Aku dadi lega wektu nyritakké kabèh sing tak rasakké marang Yéhuwah. Lan aku yakin Yéhuwah ngrungokké lan ngertèni kasusahanku.”

Lega banget rasané merga ngerti nèk Yéhuwah kuwi isa ngrasakké kasusahan kita. Nèk ngono, apa sebabé ana akèh kasusahan? Apa kuwi hukuman saka Gusti Allah? Apa Gusti Allah bakal tumindak kanggo nyingkirké kabèh kasusahan? Kuwi bakal dirembug ing artikel-artikel sakbanjuré.