Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Awaké dhéwé isa bahagia nèk manut préntah-préntahé Gusti Allah

Berkah kanggo Wong-Wong sing Manut Gusti Allah

Berkah kanggo Wong-Wong sing Manut Gusti Allah

Nabi Musa kandha nèk awaké dhéwé manut karo préntah-préntahé Gusti Allah, awaké dhéwé bakal nampa berkah. (Pangandharing Torèt 10:13; 11:27) Awaké dhéwé manut karo Gusti Allah dudu merga wedi dihukum. Ning, awaké dhéwé manut merga ngerti sipat-sipaté Gusti Allah. Kuwi sing nggawé awaké dhéwé sayang lan ora péngin nggawé Gusti Allah sedhih. ”Iki tegesé nresnani Gusti Allah, yaiku nèk kita nindakké préntah-préntahé.”​—1 Yohanes 5:3.

Manut karo Gusti Allah isa nggawé awaké dhéwé éntuk rong berkah iki.

1. MANUT KARO GUSTI ALLAH NGGAWÉ AWAKÉ DHÉWÉ WICAKSANA

”Iya Ingsun iki Yéhuwah, Allahira, kang mulang marang sira bab apa kang maédahi, kang nuntun sira ana ing dalan kang kudu sira liwati.”​—YÉSAYA 48:17.

Yéhuwah, Penciptané awaké dhéwé, wis nyedhiakké petunjuk sing awaké dhéwé butuhké. Awaké dhéwé isa ngerti apa sing dipéngini Gusti Allah nèk sinau Kitab Suci. Kuwi mbantu awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing apik.

2. MANUT KARO GUSTI ALLAH NGGAWÉ AWAKÉ DHÉWÉ BAHAGIA

”Sing bungah kuwi wong sing ngrungokké lan nindakké pangandikané Gusti Allah.”​—LUKAS 11:28.

Saiki, jutaan wong sing manut karo Kitab Suci bener-bener ngrasa bahagia. Gatèkna conto saka wong lanang ing Spanyol. Dhèwèké kuwi nesunan lan tumindaké kasar karo wong liya, termasuk karo bojoné. Ning akhiré, dhèwèké maca tulisané nabi Musa soal watak alusé Yusuf, anaké Yakub. Yusuf diedol dadi budhak lan dipenjara padahal dhèwèké ora salah. Senajan ngono, Yusuf tetep sabar lan gelem ngapurani. (Purwaning Dumadi, bab 37-45) Wong lanang kuwi ngomong, ”Ngrenungké contoné Yusuf nggawé aku nduwé watak sing alus lan isa ngendhalèni dhiri. Hasilé, saiki aku dadi bahagia.”

Kitab Suci nyedhiakké akèh petunjuk soal piyé carané awaké dhéwé kudu apikan karo wong liya. Artikel sakbanjuré bakal njelaské luwih akèh soal kuwi.