Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Témbok isa kuwat merga disemèn. Hubungané suami istri isa kuwat nèk saling menghargai

KANGGO SUAMI ISTRI

3: Menghargai

3: Menghargai

MAKSUDÉ

Nèk saling menghargai, suami istri bakal tetep rukun meskipun lagi béda pendapat. Ing buku Ten Lessons to Transform Your Marriage disebutké, ”Suami istri sing saling menghargai gelem ngrungokké pendapaté bojoné lan gelem nggolèki solusiné bareng-bareng.”

AYAT: ”Wong sing nduwé katresnan . . . ora mung mikirké kepentingané dhéwé.”​—1 Korintus 13:4, 5.

”Aku menghargai bojoku. Aku nganggep dhèwèké penting lan aku ora péngin nggawé dhèwèké lara ati.”​—Micah.

NGAPA KOK PENTING

Nèk ora menghargai, suami istri ora rukun, seneng nyindir, lan malah seneng ngécé. Menurut para peneliti, nèk wis kaya ngono mengko bakalé isa pegatan.

”Nèk seneng nyindir utawa ngécé meskipun mung guyon, mengko bojoné awaké dhéwé dadi cilik ati lan kecéwa karo awaké dhéwé.”​—Brian.

KUDU PIYÉ

PIKIRNA

Selama seminggu iki:

  • ’Apa aku kerep muji bojoku? Apa aku malah kerep maido utawa nyalah-nyalahké bojoku?’

  • ’Apa buktiné nèk aku wis menghargai bojoku?’

BAHASEN KARO BOJO

  • Bojoku ngrasa dihargai nèk aku piyé?

  • Bojoku ngrasa ora dihargai nèk aku piyé?

SARAN

  • Tulisen telu cara sing nggawé njenengan ngrasa dihargai. Terus bojoné njenengan ya kon nulis telu. Bar kuwi, upayakna sing wis ditulis bojoné njenengan.

  • Tulisen sipat-sipat apiké bojoné njenengan. Bar kuwi, ngomonga karo dhèwèké nèk njenengan seneng karo sipat-sipaté.

”Aku péngin bojoku bahagia. Dadi aku berupaya bèn apa waé sing tak lakoni isa nggawé bojoku ngrasa dihargai.”​—Megan.

Mungkin njenengan wis berupaya menghargai, tapi apa bojoné njenengan wis ngrasakké nèk bener-bener dihargai?

AYAT: ”Awaké dhéwé kudu sayang karo liyané, nduwé rasa mesakké, apikan, rendah hati, nduwé watak sing alus, lan sabar.”​—Kolose 3:12.