Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KEADAAN DONYA TAMBAH KACAU

4 Tetep Semangat

4 Tetep Semangat

NGAPA PENTING

Wektu keadaané kacau, wong-wong dadi strès lan ora semangat. Akibaté:

  • Ana sing dadi putus asa.

  • Ana sing kecanduan alkohol lan nganggo narkoba.

  • Ana sing péngin bunuh diri.

Faktané

  • Keadaan isa dadi luwih apik.

  • Bahkan meskipun keadaané ora tambah apik, awaké dhéwé isa tetep semangat.

  • Ing Alkitab ana janji nèk sukmbèn kabèh masalah bakal dirampungi.

Sing Kudu Diupayakké

Ayat: ”Aja nganti kuwatir soal dina sésuk, merga sésuk ana kekuwatirané dhéwé. Saben dina ana masalahé dhéwé-dhéwé.”​—Matius 6:34.

Aja terlalu kuwatir, sing sésuk dipikir sésuk.

Nèk terus-terusan kuwatir, awaké dhéwé dadi strès lan ora semangat.

Janji ing Alkitab

Sing nulis mazmur tau ndonga, ”Omongan-Mu kuwi kaya lampu sing madhangi aku wektu mlaku lan kaya cahaya sing madhangi dalanku.” (Mazmur 119:105) Alkitab dipadhakké kaya lampu. Maksudé:

Nèk maca Alkitab, awaké dhéwé isa nggawé keputusan sing bener.

Awaké dhéwé ya isa ngerti apa sing bakal kelakon sukmbèn.