Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CreativeDesignArt/DigitalVision Vectors via Getty Images

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Menurut Alkitab, Apa Wong-Wong Isa Rukun Meskipun Béda Ras?

Menurut Alkitab, Apa Wong-Wong Isa Rukun Meskipun Béda Ras?

 Akèh wong mikir nèk urip rukun karo wong-wong sing béda ras kuwi ora mungkin.

  •   ”Saiki ing endi-endi ana akèh banget sing rasis. Wong-wong kuwi biasané jahat karo wong sing béda rasé.”​—António Guterres, Sekretaris Jènderal Perserikatan Bangsa-Bangsa.

 Apa wong sing béda rasé isa rukun? Menurut Alkitab piyé?

Gusti Allah ora mbédak-mbédakké ras

 Ing Alkitab disebutké:

  •   ”Saka wong siji, [Gusti Allah] nggawé kabèh bangsa sing manggon ing bumi.”​—Kisah 17:26.

  •   ”Gusti Allah kuwi ora mbédak-mbédakké. Kabèh wong sing wedi marang Gusti Allah lan nindakké apa sing bener, ora soal asalé saka bangsa endi, bakal ditampa Gusti Allah dadi abdiné.”​—Kisah 10:34, 35.

 Menurut Alkitab, kabèh manungsa kuwi sakjané sak keluarga, lan kabèh disayang karo Gusti Allah.

Wong-wong isa rukun meskipun béda ras

 Sukmbèn, Kerajaané Gusti Allah bakal mbantu wong-wong bèn ora seneng mbédak-mbédakké, tapi saling menyayangi.

  •   ”Penduduk ing bumi [bakal] dadi ngerti carané nindakké apa sing bener.”​—Yésaya 26:9.

  •   ”Nèk ana keadilan, bakal ana rasa ayem, rasa tentrem, lan rasa aman nganti saklawasé.”​—Yésaya 32:17.

 Saiki, ana jutaan wong sing sinau Alkitab lan dadi ngerti carané menghargai lan ngajèni wong liya.