Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Comstock Images/Stockbyte via Getty Images

Pamréntahan sing Ora Bakal Korupsi

Pamréntahan sing Ora Bakal Korupsi

 Saiki akèh pemimpin sing korupsi lan ora isa dipercaya. Padahal sakjané wong-wong péngin nduwé pemimpin sing apik. Ana laporan sing dirilis taun 2023, wong-wong dikon njawab survéi soal sapa sing paling ora isa dipercaya. Hasilé, akèh sing njawab nèk sing paling ora isa dipercaya kuwi para pemimpin politik. a

 Menurut Alkitab ana pamréntahan sing Pemimpiné kuwi bener-bener isa dipercaya, jujur, lan ora korupsi. Pamréntahan kuwi Kerajaané Gusti Allah lan Pemimpiné kuwi Yésus Kristus.—Yésaya 9:7.

 Yésus terbukti seneng nggatèkké wong-wong. (Matius 9:35, 36) Dhèwèké kuwi Raja Kerajaané Gusti Allah, lan sukmbèn dhèwèké bakal adil wektu mréntah lan nggawé keadaan dadi ayem.—Mazmur 72:12-14.

a 2023 Edelman Trust Barometer Global Report.