Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Pahatan Mesir Kuno Mbuktèkké Nèk Crita ing Alkitab Kuwi Bener

Pahatan Mesir Kuno Mbuktèkké Nèk Crita ing Alkitab Kuwi Bener

 Ing cedhak pintu masuk bekas kuil Déwa Amun ing Karnak, Mesir, ana pahatan simbol-simbol Mesir kuno sing dhuwuré wolung mèter. Nurut para ahli sejarah, pahatan kuwi nyritakké piyé Firaun Syisyak nyerang dhaérah-dhaérah ing sisih timur lauté Mesir, termasuk dhaérah Yéhuda lan kerajaan Israèl sisih utara.

Pahatan ing Karnak; kuwi gambar para tahanan

 Pahatan kuwi nduduhké Déwa Amun sing mènèhké luwih saka 150 tahanan dadi persembahan kanggo Syisyak, utawa Syésyonk. a Saben tahanan nggambarké kutha utawa bangsa sing wis dikalahké. Ing saben gambar tahanan, ana ukiran sing bentuké oval sing isiné jeneng kutha-kutha kuwi. Sebagéan jeneng kutha-kutha kuwi isih isa diwaca. Beberapa jeneng kuwi ya ana ing Alkitab. Contoné, Bèt-syéan, Gibéon, Mégido, lan Syunèm.

 Alkitab ya nyathet katrangan wektu Mesir ngalahké Yéhuda. (1 Para Raja 14:25, 26) Malah, Alkitab ya nyathet rincian soal serangané Syisyak kuwi. Alkitab kandha, ”Ing taun kang kaping limané jamané Sang Prabu Réhabéam, Sang Prabu Sisak, nata ing Mesir, nempuh Yérusalèm . . . kalawan kréta sèwu rong atus lan wadya-bala jaranan sawidak èwu, déné rakyat kang ndhèrèk saka ing Mesir cacahé tanpa wilangan . . . Kutha-kutha bètèng Yéhuda padha karebut déning Sang Prabu, malah banjur wus cedhak karo Yérusalèm.”​—2 Babad 12:2-4.

 Peninggalan sejarah sing mbuktèkké nèk Syisyak ngalahké dhaérah Israèl kuwi ora mung pahatan mau. Ana potongan monumèn sing ditemokké ing bekas lokasi kutha Mégido. Ing potongan kuwi, ana ukiran jeneng ”Syésyonk”.

 Katrangan ing Alkitab soal Syisyak sing ngalahké Yéhuda kuwi bener. Kuwi nduduhké nèk para penulis Alkitab kuwi jujur. Wong-wong kuwi ora mung nyathet nèk bangsané pas menang. Ning, wong-wong kuwi ya nyathet nèk bangsané pas kalah. Jarang ana penulis ing jaman mbiyèn sing jujur kaya ngono.

a Ing Alkitab, jeneng ”Syisyak” ditulis sesuai karo carané ngucapké jeneng kuwi ing basa Ibrani.