Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Jadwal Maca Alkitab

Jadwal Maca Alkitab

Ing Alkitab ana akèh naséhat sing bermanfaat. Nèk maca, mikirké tenanan, lan ngetrapké Alkitab, ”sing mbok tindakké bakal berhasil”. (Yosua 1:8; Mazmur 1:​1-3) Njenengan ya isa luwih kenal karo Gusti Allah lan Anaké, yaiku Yésus. Hasilé, njenengan isa urip saklawasé.​—Yohanes 17:3.

Apa macané kudu urut? Ora mesthi. Mémang isa maca urut saka ngarep, tapi ya isa maca sesuai topik. Misalé, njenengan isa maca buku-buku sing isiné soal kisahé bangsa Israèl. Utawa maca buku-buku sing nyritakké piyé jemaat Kristen dadi saya akèh. Nèk saben dina maca 3-4 bab, njenengan isa rampung maca Alkitab setaun.

Njenengan isa download jadwal maca Alkitab iki, terus mulai dienggo.