Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

KUDU TERUS JAGA-JAGA

Ngapa Kok Ana Bocah-Bocah sing Ditémbaki ing Sekolahan?

Ngapa Kok Ana Bocah-Bocah sing Ditémbaki ing Sekolahan?

 Tanggal 24 Mei 2022 ana pembunuhan ing kutha Uvalde, Texas, Amerika Serikat. Ing koran The New York Times disebutké nèk ”ana wong sing némbaki bocah 19 lan guru 2 ing Sekolah Dasar Robb”.

 Peristiwa kaya ngono kuwi kerep banget kelakon. Misalé berita ing USA Today nyebutké, nèk taun wingi, ing Amerika Serikat kuwi wis kelakon nganti ping 249. Kuwi luwih akèh ketimbang taun-taun sakdurungé.

 Ngapa kok ana wong sing jahat banget kaya ngono? Piyé carané awaké dhéwé ngadhepi? Apa wong jahat bakal ana terus? Ing Alkitab ana jawabané.

Ngapa kok saiki ana akèh wong jahat?

 Akèh sing mikir, ’Ngapa kok Gusti Allah meneng waé ndelok bocah-bocah mati ditémbaki?’ Ing Alkitab ana jawabané. Wacanen artikel ”Orang Baik Tertimpa Musibah—Mengapa?

Piyé carané ngadhepi?

  •    ”Kabèh ayat sing ditulis mbiyèn ditulis kanggo mulang awaké dhéwé. . . . ayat-ayat kuwi . . . mènèhi awaké dhéwé penghiburan.”​—Roma 15:4.

 Ing Alkitab ana saran-saran sing apik. Wacanen majalah Sedarlah! sing judhulé ”Apakah Kekerasan Akan Berakhir?

 Nèk anak-anak wedi krungu berita-berita soal kejahatan, wong tuwa kudu piyé? Wacanen saran-saran ing artikel ”Tayangan Berita yang Meresahkan dan Anak Anda”.

Apa wong jahat bakal ana terus?

  •    ”Dhèwèké bakal nylametké wong-wong kuwi saka wong sing nindhes lan wong sing jahat.”​—Mazmur 72:14.

  •    ”Wong-wong bakal nggawé pedhangé dadi mata bajak lan tombaké dadi arit. Bangsa ora bakal perang nglawan bangsa lan ora bakal ajar perang manèh.”​—Mikha 4:3.

 Mung Kerajaané Gusti Allah sing isa nyingkirké kabèh wong jahat. Terus, sukmbèn ya ora bakal ana manèh senjata. Keterangan luwih akèh ana ing artikel ”Saat Kerajaan Allah Memerintah ’Damai Akan Berlimpah’”.