Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Bantuan Selama Pandemi

Bantuan Selama Pandemi

1 JULI 2021

 Pas sasi Maret 2020, Organisasi Kesehatan Dunia ngumumké nèk COVID-19 wis nyebar dadi pandemi. Akèh sing ora nyangka nèk virus iki isih tetep nyebar nganti setaun punjul. Ana jutaan wong, termasuk beberapa Seksi-Seksi Yéhuwah, sing dadi lara, strès, lan berkurang penghasilané merga pandemi iki. Selama pandemi iki, piyé carané Seksi-Seksi Yéhuwah ngatur lan mbagi bantuan?

Bantuan kanggo sing Mbutuhké

 Selama pandemi COVID-19 iki, Panitia Pengawas saka Pengurus Pusaté Seksi-Seksi Yéhuwah ngarahké Panitia Penanggulangan Bencana (PPB) ing sakdonya. Totalé ana luwih saka 950 PPB sing dibentuk selama pandemi iki. Kadhang sedulur-sedulur éntuk bantuan saka pamréntah, tapi kadhang PPB sing ngatur bantuan kanggo sedulur-sedulur. Bahkan PPB ngatur bantuan ora mung dienggo beberapa keluarga thok, tapi kadhang ya dienggo sak wilayah.

 Misalé ing Paraguay, ana koran sing nglaporké nèk merga pandemi ”akèh wong ing Paraguay sing kelaparan”. Tapi, PPB ing Paraguay wis mbagi pakèt bantuan sing isiné panganan, sabun, lan kebutuhan liyané. Pakèt bantuan kuwi isa dienggo nyukupi kebutuhané wong papat selama rong minggu. Saben pakèt bantuan nèk diétung kira-kira regané 30 dolar AS (kira-kira 400.000 rupiah).

 Piyé carané bèn sing mbagi lan sing nampa bantuan ora kena virus COVID-19? Sedulur-sedulur kuwi nganggo masker lan jaga jarak. Sedulur-sedulur ya mastèkké nèk perusahaan-perusahaan sing nyedhiakké bahan pangan panggonané resik lan ngetrapké protokol keséhatan. Misalé, wong-wong sing nyiapké bahan-bahan kuwi kudu nganggo masker, sarung tangan, lan perlengkapan liyané. Terus, kendaraané kanggo ngangkut lan panggonané kanggo nyimpen ya kudu resik lan disanitasi. Terus, sing ngirim lan sing nampa bantuan ya kudu jaga jarak.

Sumbangan sing Dienggo Bantuan

 Kèt Januari 2021, Panitia Pengawas wis setuju nggunakké luwih saka 25 juta dolar AS (kira-kira 350 milyar rupiah) dienggo nyedhiakké bantuan selama pandemi COVID-19. Kantor cabang lan PPB ora boros wektu nggunakké dhuwit sumbangan lan berupaya bèn isa éntuk rega sing paling apik wektu tuku barang sing dibutuhké. Contoné ing Cile, sedulur-sedulur sing ngurusi bantuan arep tuku kacang lentil 750 kilogram. Tapi sasi kuwi regané mundhak dua kali lipat. Ya akhiré sedulur-sedulur setuju kanggo tuku. Tapi rong jam sakwisé kuwi, sedulur-sedulur dikabari nèk ana pembeli liya sing mbatalké. Dadi pesenané wong liya sing dibatalké kuwi dikèkké sedulur-sedulur, tapi regané ora sida diundhakké.

 Tapi, pas pesenané mèh dijupuk, sing dodol malah arep mbatalké, merga dikirané awaké dhéwé ora jujur, kaya organisasi liyané. Nah, ana siji sedulur sing wektu kuwi langsung ndonga dalam hati. Terus, dhèwèké crita karo sing dodol nèk saben jemaat wis didata sapa waé sing bener-bener butuh bantuan. Sedulur-sedulur ya njelaské nèk pakèt bantuané mengko bakal disesuaikké karo kebutuhané saben keluarga sing nampa merga sing nampa bantuan kuwi latar belakangé béda-béda. Terus, sing dodol ya dikandhani nèk Seksi-Seksi Yéhuwah sing dadi rélawan kuwi ora dibayar lan sumbangané ya sukaréla. Sing dodol nggumun. Akhiré dhèwèké gelem ngedhunké regané, malah mengko nèk sedulur-sedulur pesen manèh arep dikèki bonus kacang lentil 400 kilogram.

”Bukti Katresnan sing Sejati”

 Ing Liberia, ana mbah-mbah sing jenengé Lusu. Dhèwèké randha lan manggon karo keluargané, sak omah wong lima. Pas sarapan karo maca ayat harian, putuné Lusu sing umuré pitung taun ndelok nèk ing omahé wis ora ana panganan. Terus, dhèwèké takon, ”Mengko awaké dhéwé mangan apa?” Lusu ngandhani putuné nèk dhèwèké wis ndonga karo Yéhuwah lan yakin nèk Yéhuwah mesthi bakal ngekèki apa sing dibutuhké. Terus awané, mbahé iki ditélpon karo pinituwa, dikandhani nèk dhèwèké dikon teka njupuk bantuan. Lusu crita, ”Putuku ngomong nèk dhèwèké saiki yakin nèk Yéhuwah kuwi ngrungokké lan njawab donga soalé Yéhuwah wis njawab dongaku.”

Bocah-bocah ing Republik Demokratik Kongo nggambar dienggo ngucapké maturnuwun kanggo sedulur-sedulur sing ngekèki bantuan panganan

 Ing Republik Demokratik Kongo, ana ibu-ibu sing tanggané Seksi Yéhuwah. Dhèwèké ndelok nèk tanggané iki dikèki panganan karo sedulur-sedulur seimané. Dhèwèké kandha, ”Bar pandemi, aku lan keluargaku bakal dadi Seksi Yéhuwah, soalé pas pandemi iki wong-wong kuwi perduli karo sedulur-sedulur seimané.” Terus, bojoné takon, ”Kowé arep dadi Seksi Yéhuwah mung merga péngin éntuk beras sak karung?” Dhèwèké njawab, ”Ya ora ngono. Tapi, beras sak karung kuwi dadi bukti katresnan sing sejati.”

 Selama pandemi iki, Seksi-Seksi Yéhuwah isa langsung ngekèki bantuan kanggo sedulur-sedulur sing mbutuhké merga sumbangan saka njenengan. Maturnuwun njenengan wis gelem nyumbang nganggo cara-cara sing ana ing donate.isa4310.com.