Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

CARANÉ SUMBANGANÉ NJENENGAN DIGUNAKKÉ

Aplikasi sing Kaya Perpustakaan

Aplikasi sing Kaya Perpustakaan

1 SEPTEMBER 2021

 ”Mbiyèn, awaké dhéwé ora isa mbayangké nèk bakal nampa wacan-wacan ing vèrsi digital.” Apa mbiyèn njenengan ya ngrasa ngono? Kuwi kata-katané Geoffrey Jackson ing Laporan Pengurus Pusat 2020 Bagéan 6. Dhèwèké ya ngomong, ”Ning, saiki awaké dhéwé isa éntuk akèh manfaat saka JW Library, khususé pas pandemi iki. Yéhuwah bener-bener mbantu awaké dhéwé bèn siap ngadhepi keadaan iki.”

 Apa waé sing diupayakké bèn isa nggawé aplikasi JW Library, lan piyé bèn kuwi isa terus tambah apik?

Mulai Nggawé JW Library

 Sasi Mei 2013, Pengurus Pusat njaluk bèn Departemèn Pemrograman MEPS ing kantor pusat nggawèkké aplikasi sing isiné Terjemahan Donya Anyar édhisi révisi. Paul Willies sing kerja ing departemèn kuwi ngomong, ”Pas kuwi, Seksi Yéhuwah durung tau nggawé aplikasi sing dilebokké ing app store. Dadi bar kuwi dibentuk tim, terus ana beberapa gawéan sing ditunda sik. Terus, Departemèn Pemrograman MEPS kerja karo departemèn liyané bèn isa ngrancang lan nggawé aplikasi kuwi sak isiné. Kami ya terus ndonga. Limang sasi bar kuwi, aplikasi kuwi akhiré dirilis ing pertemuan taunan. Kuwi kabèh merga bantuané Yéhuwah.”

 Bar kuwi, aplikasiné kudu ditambahi bacaan-bacaan lan vidéo-vidéo liyané ing macem-macem basa bèn isa dadi kaya perpustakaan. Sasi Januari 2015, mèh kabèh bacaan lan vidéo ing basa Inggris wis ana ing aplikasi kuwi, terus enem sasi bar kuwi ya wis ana ing atusan basa liyané.

 Para sedulur terus nggawé bèn aplikasiné dadi luwih apik. Misalé, nambahi vidéoné, terus nggawé tab dienggo pertemuan ibadah sing isiné bacaan, lagu, vidéo, lan gambar. Saiki ya wis isa mbukak Panduan Riset langsung saka ayat ing Alkitab.

Bèn Aplikasiné Isa Lancar

 Saben dina ana 8 juta perangkat sing nganggo aplikasi JW Library, terus saben sasi ana 15 juta perangkat. Piyé bèn aplikasiné isa terus lancar? Sedulur Willies njelaské, ”Kami terus berusaha bèn aplikasiné dadi luwih bermanfaat lan gampang digunakké. Merga sistem operasi kuwi terus diperbarui, aplikasiné ya kudu terus diperbarui. Terus software-é ya kudu terus diperbarui, soalé buku lan rekaman sing ana ing JW Library ya terus ditambahi.” Nèk ditotal saka kabèh basa, ing JW Library ana kira-kira 200.000 bacaan lan luwih saka 600.000 rekaman audio lan vidéo.

 Departemèn Pemrograman MEPS ya kudu tuku beberapa lisènsi software. Lisènsi siji kanggo setaun waé regané mèh 21,5 juta rupiah. Terus saben taun, Departemèn Pemrograman MEPS ya tuku komputer, tablèt, lan hp anyar saka mèrk sing béda-béda bèn isa ngerti apa aplikasiné isa lancar ing perangkat kuwi. Biayané isa nganti kira-kira 143 juta rupiah.

Isa Hémat Dhuwit Sumbangan

 Merga ana JW Library, biaya kanggo nyétak, njilid, lan ngirimké buku isa dikurangi. Misalé, buku Nliti Alkitab Saben Dina taun 2013 dicétak mèh 12 juta. Tapi kanggo taun 2020 mung dicétak 5 juta, meskipun penginjilé wis nambah 700.000. Kok isa ngono? Akèh sedulur sing saiki macané liwat JW Library. a

”Aplikasi Iki Bener-Bener Apik Banget”

 Ana akèh sing wis ngrasakké manfaaté JW Library. Geneviève ing Kanada dadi rajin sinau Alkitab. Dhèwèké ngomong, ”Nèk kon sinau buku sak tumpuk, rasané wis males sik. Tapi merga JW Library, aku isa sinau mung nganggo tablètku. Akhiré aku dadi rajin sinau Alkitab. Hasilé, imanku isa tambah kuwat. Hubunganku karo Yéhuwah ya isa tambah cedhak.”

Geneviève

 Aplikasi iki ya bermanfaat banget, apa manèh selama pandemi COVID-19 iki. Charlyn saka Amerika Serikat nyritakké, ”Merga pandemi, wis setaun luwih aku ora éntuk bacaan tercétak saka organisasi. Tapi, aku isa maca saka JW Library. Makané aku bersyukur banget karo Yéhuwah.”

 Faye ing Filipina crita, ”Saben ésuk aku maca ayat harian ing JW Library. Pas nggarap gawéan omah, aku ngrungokké rekaman ing JW Library. Nèk persiapan kanggo pertemuan ibadah lan sinau Alkitab ya nganggo JW Library. Nèk pas longgar, aku ya seneng nonton vidéo-vidéo ing kono. Terus nèk pas ngantri, aku ya maca-maca artikel utawa Alkitab ing kono. Aplikasi iki bener-bener apik banget.”

 Aplikasi iki ya bermanfaat banget kanggo nginjil. Misalé, ana sedulur ing Kamerun sing ndelok sedulur liya macakké siji ayat wektu nginjil. Beberapa minggu bar kuwi, sedulur iki ya péngin macakké ayat kuwi. Tapi, dhèwèké lali ayaté. Dhèwèké crita, ”Untungé, aku kèlingan kata-katané. Aku mbukak JW Library. Terus, ing Alkitabé kata-katané kuwi tak ketik. Bar kuwi, langsung ketemu ayaté. Nèk pas nginjil aku lali ayaté, aku ora perlu wedi manèh merga ana JW Library.

 Aplikasi JW Library isa ana lan isa digawé tambah apik merga njenengan wis nyumbang kanggo gawéan sak donya nganggo cara-cara sing ana ing donate.isa4310.com. Maturnuwun merga njenengan murah hati.

Perkembangané Aplikasi JW Library

  1. Oktober 2013—Aplikasiné dirilis, isiné Terjemahan Donya Anyar édhisi révisi

  2. Januari 2015—Mulai ana bacaan lan vidéo ing basa Inggris, bar kuwi ya ana ing basa-basa liyané

  3. November 2015—Tulisané wis isa diwarnai

  4. Mei 2016—Ana tab dienggo pertemuan ibadah

  5. Mei 2017—Wis isa nggawé cathetan

  6. Desember 2017—Wis ana Alkitab Edisi Pelajaran ing basa Inggris

  7. Maret 2019—Wis isa download rekaman audio, streaming vidéo, lan mbukak réferènsi ing Panduan Riset

  8. Januari 2021—Ana fitur tambahan dienggo buku Bahagia Saklawasé

a Taun 2020, organisasi kudu ngetokké dhuwit 21,6 milyar rupiah bèn wong-wong isa download lan streaming bahan-bahan sing ana ing jw.org lan JW Library. Kuwi luwih hémat daripada kudu nyétak buku lan nggawé CD lan DVD, terus ngirimké kuwi.