Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

BAB 78

Tetepa Siap, Pengurus sing Setya!

Tetepa Siap, Pengurus sing Setya!

LUKAS 12:35-59

  • PENGURUS SING SETYA KUDU TERUS SIAP

  • YÉSUS TEKA KANGGO MISAHKÉ WONG-WONG

Yésus wis nerangké nèk mung ”kelompok cilik” sing bakal mréntah ing Kraton swarga. (Lukas 12:32) Nanging nampa berkah sing nggumunké iki ora éntuk dianggep sepélé. Nyatané, Yésus saiki nandheské sepira pentingé nduwé sikap sing bener nèk péngin dadi bagéan saka Kraton swarga.

Yésus mènèhi naséhat para muridé supaya terus siap wektu Yésus teka manèh. Yésus kandha, ”Nganggoa klambi lan siap-siapa, lan pastèkna lampu minyakmu murub terus. Kowé kudu kaya budhak-budhak sing ngentèni majikané mulih saka pésta mantèn. Wektu majikané teka lan ndhodhog lawang, budhak-budhaké isa langsung mbukakké. Bungah budhak-budhak kuwi wektu majikané teka ngonangi budhak-budhaké tetep jaga-jaga.”​—Lukas 12:35-37.

Saka umpama kuwi, para murid isa langsung ngerti sikap kaya apa sing dikarepké Yésus. Yésus nyebutké nèk budhak-budhak kuwi siap ngentèni majikané mulih. Yésus kandha, ”Bungah budhak-budhak kuwi nèk majikané teka ing giliran jaga kapindho [saka kira-kira jam sanga wengi nganti tengah wengi], utawa malah katelu [saka tengah wengi nganti kira-kira jam telu subuh], lan weruh budhak-budhaké tetep siap.”​—Lukas 12:38.

Iki ora mung naséhat bab dadi budhak utawa pegawé sing sregep. Buktiné, Putrané manungsa yaiku Yésus dhéwé, disebutké ing umpama iki. Yésus ngandhani para muridé, ”Mula, kowé tetepa siap merga Putrané manungsa bakal teka ing jam sing ora kok sangka.” (Lukas 12:40) Dadi sukmbèn, Yésus bakal teka lan péngin para pengikuté, kususé ”kelompok cilik”, terus siap.

Pétrus péngin luwih paham bab iki, mula Pétrus takon, ”Gusti, panjenengan nyritakké umpama iki mung kanggo aku kabèh, utawa uga kanggo wong liyané?” Ketimbang langsung njawab pitakonan kuwi, Yésus mènèhi umpama, ”Sapa sakjané pengurus sing setya, sing wicaksana, sing bakal dilantik karo majikané kanggo ngurus pelayan-pelayan ing omahé, lan mènèhi pangan sing cukup kanggo pelayan-pelayan kuwi ing wektu sing pas? Bungah banget budhak kuwi nèk pas majikané teka, majikané ndelok dhèwèké lagi nindakké tugasé. Saktenané aku kandha, majikané bakal nglantik dhèwèké kanggo ngurus kabèh bandhané.”​—Lukas 12:41-44.

’Majikan’ kuwi maksudé Putrané manungsa, yaiku Yésus. ”Pengurus sing setya” kuwi sapérangan wong sing dadi anggotané ”kelompok cilik” lan bakal mréntah ing Kraton swarga. (Lukas 12:32) Yésus kandha nèk pengurus iki bakal ”mènèhi pangan sing cukup kanggo pelayan-pelayan [ing omahé] ing wektu sing pas”. Mula, Pétrus lan para murid liyané, sing wis Yésus wulang lan wènèhi pangan ing bab rohani, isa nyimpulké nèk Putrané manungsa bakal teka sukmbèn. Ing wektu kuwi, pengurus sing setya iki bakal nindakké tugasé, yaiku mènèhi pangan kanggo para pengikuté Yésus ing bab rohani.

Nganggo cara liya, Yésus mulang para muridé pentingé terus waspada lan njaga tumindaké. Sebab, wong isa dadi ora waspada lan malah mungsuhi sedulur-seduluré. Yésus kandha, ”Umpama budhak kuwi mbatin, ’Majikanku tekané isih suwé,’ terus dhèwèké mulai nggebugi para budhak lanang lan wadon, uga mangan lan ngombé nganti mendem, majikané bakal teka ing wayah sing ora disangka-sangka lan ing jam sing dhèwèké ora ngerti, banjur majikané bakal mènèhi hukuman sing paling abot, uga bakal mènèhi dhèwèké panggonan bareng wong-wong sing ora setya.”​—Lukas 12:45, 46.

Yésus kandha nèk dhèwèké teka ”kanggo ngurubké geni ing bumi”. Lan pancèn kuwi sing kelakon. Piwulangé Yésus mbukak èlèké wulangan palsu lan tradhisiné manungsa uga nggawé wong dadi padu. Iki ya nggawé anggota keluarga dadi ora rukun, ”bapak nglawan anaké lanang lan anak lanang nglawan bapaké, ibu nglawan anaké wadon lan anak wadon nglawan ibuné, ibu maratuwa nglawan mantuné wadon lan mantu wadon nglawan ibuné maratuwa”.​—Lukas 12:49, 53.

Omongané Yésus iki kususé kanggo para muridé. Saiki, Yésus ngomong marang kumpulan wong, sing akèh-akèhé tetep ora gelem nampa bukti nèk Yésus kuwi Mèsias. Yésus kandha, ”Nèk kowé ndelok méga peteng ing sisih kulon, kowé langsung kandha, ’Bakal ana udan angin,’ lan kuwi sing kelakon. Lan nèk kowé weruh anginé tekané saka kidul, kowé kandha, ’Hawané bakal panas banget,’ lan kuwi sing kelakon. Wong-wong munafik, kowé ngerti carané nitèni cuaca bakal kaya apa wektu ndelok bumi lan langit, nanging ngapa kok kowé ora ngerti carané nitèni bab-bab sing kelakon saiki?” (Lukas 12:54-56) Cetha, nèk wong-wong kuwi ora siap nampa Mèsias.