Langsung mlebu

Lunga menyang daftar isi

Surat saka Pengurus Pusat

Surat saka Pengurus Pusat

Sedulur-Sedulur sing Tak Tresnani,

Ing terbitan sing kapisan Menara Pengawal èdhisi umum tanggal 1 Januari 2008, ana sèri artikel anyar sing judhulé ”Tirulah Iman Mereka”. Awaké dhéwé seneng merga éntuk artikel anyar iki sing metu saben telung sasi sepisan.

Piyé tanggepané wong sing maca artikel kuwi? Sakwisé maca artikel bab Marta, ana wong wadon sing nulis, ”Aku ngguyu pas maca kuwi merga ngrasa persis kaya Marta. Aku seneng nampa tamu, nanging merga saking sibuké, aku dadi lali nèk perlu santai bèn isa srawung karo kanca-kanca.” Ana cah wadon sing kandha sakwisé maca crita bab Èster, ”Cah enom biyasané péngin nganggo klambi sing modhèlé paling anyar. Pancèn, awaké dhéwé kudu nggatèkké penampilan, nanging aja nganti kuwi dadi sing utama.” Dhèwèké uga kandha, ”Yéhuwah luwih mentingké apa sing ana ing njero atiné awaké dhéwé.” Nèk artikel bab rasul Pétrus, ana sedulur wadon sing kandha, ”Pas aku maca critané, aku ngrasa bener-bener ngrasakké dhéwé sing dirasakké Pétrus. Critané bener-bener nyata. Aku nggunakké imajinasiku kanggo mbayangké kedadéan-kedadéan sing ora langsung disebutké ing crita kuwi.”

Wong-wong iki lan akèh wong liyané sing nulis surat kanggo ngajèni sèri artikel kuwi, mbuktèkké apa sing wis ditulis rasul Paulus mbiyèn, nèk ”samubarang kang katulisan ing sadurungé, iku katulisan minangka piwulang kanggo kita”. (Rm. 15:4) Yéhuwah nggunakké crita-crita iki ing Alkitab kanggo mulang bab-bab sing aji. Embuh wis suwé dadi Seksi Yéhuwah apa durung, awaké dhéwé isa sinau saka crita-crita kuwi.

Pengurus Pusat péngin panjenengan cepet-cepet maca buku iki. Panjenengan isa nggunakké buku iki kanggo bahan Ibadah Sakeluarga, lan bocah-bocah mesthi bakal padha seneng. Wektu buku iki dirembug ing Sinau Alkitab Jemaat, aja nganti ora mèlu senajan mung sepisan. Aja mung waton maca, wacanen alon-alon. Gunakna imajinasi kanggo mbayangké. Coba rasakna apa sing dirasakké, deloken apa sing didelok tokoh-tokoh Alkitab ing crita kuwi. Bandhingna tanggepané wong kuwi karo tanggepané panjenengan wektu ngadhepi kahanan sing padha.

Pengurus Pusat seneng banget mènèhi wacan iki. Muga-muga buku iki dadi berkah kanggo panjenengan lan keluarga. Percayaa nèk Pengurus Pusat tresna lan mikirké sing paling apik kanggo panjenengan,

Pengurus Pusat Seksi-Seksi Yéhuwah