Ibrani 5:1-14

  • Yésus luwih unggul timbang manungsa sing dadi imam agung (1-10)

    • Kaya Mèlkhizèdèk (6, 10)

    • Sinau bèn manut wektu ngalami kesusahan (8)

    • Dislametké lan urip saklawasé merga dhèwèké (9)

  • Aja kaya bocah cilik (11-14)

5  Wong sing dilantik dadi imam agung nglayani wong-wong sing ngibadah marang Gusti Allah,+ supaya dhèwèké isa mènèhké persembahan lan korban kanggo dosané wong-wong kuwi.+  Dhèwèké isa apikan* karo wong-wong sing ora nduwé pengetahuan lan nindakké kesalahan, merga dhèwèké dhéwé ya nduwé kelemahan.  Mula, dhèwèké kudu mènèhké persembahan kanggo dosané dhéwé, kaya nèk dhèwèké mènèhké persembahan kanggo dosané wong-wong.+  Ora ana wong sing éntuk kehormatan iki merga kepénginané dhéwé. Ning, dhèwèké éntuk kehormatan kuwi mung nèk dhèwèké dilantik karo Gusti Allah kaya Harun.+  Kristus ya dadi imam agung ora kanggo ngluhurké dhèwèké dhéwé.+ Ning, dhèwèké diluhurké karo Gusti Allah sing ngomong karo dhèwèké, ”Kowé anak-Ku. Mulai saiki, Aku dadi bapakmu.”+  Gusti Allah ya ngomong ing ayat liya, ”Kowé kuwi imam kanggo saklawasé kaya Mèlkhizèdèk.”+  Saksuwéné uripé ing bumi, Kristus ndonga tenanan karo nangis+ lan njaluk nganggo swara banter marang Gusti Allah sing isa nylametké dhèwèké saka kematian. Dongané kuwi dirungokké merga dhèwèké wedi marang* Gusti Allah.  Senajan dhèwèké kuwi anaké Gusti Allah, dhèwèké gelem sinau bèn manut wektu ngalami akèh kesusahan.+  Sakwisé dhèwèké bener-bener manut,+ wong-wong sing manut karo dhèwèké+ isa dislametké lan isa urip saklawasé merga dhèwèké. 10  Kuwi merga Gusti Allah wis nglantik dhèwèké dadi imam agung kaya Mèlkhizèdèk.+ 11  Isih ana akèh sing péngin tak omongké soal dhèwèké, ning angèl kanggo njelaské, merga kowé ora cepet paham wektu ngrungokké. 12  Sakjané, kowé kuduné wis dadi guru,+ ning kowé malah isih kudu diwulang manèh saka awal soal omongané Gusti Allah. Kowé isih butuh susu, dudu panganan sing atos. 13  Wong sing terus ngombé susu kuwi bocah cilik,+ mula dhèwèké ora paham karo omongané Gusti Allah. 14  Ning, panganan sing atos kuwi kanggo wong sing wis déwasa, sing terus nggunakké pikirané. Dadi, pikirané dilatih bèn isa mbédakké sing bener lan sing salah.

Katrangan Tambahan

Utawa ”isa alus”.