Langsung mlebu

Roh Suci Kuwi Apa?

Roh Suci Kuwi Apa?

Jawaban ing Alkitab

 Roh suci kuwi kekuwatané Gusti Allah. (Mikha 3:8; Lukas 1:​35) Gusti Allah nggunakké roh suciné bèn sing dikarepké ing endi waé kelakon.​—Mazmur 104:30; 139:7.

 Ing Alkitab, kata ”roh” diterjemahké saka kata Ibrani ruʹach karo kata Yunani pneuʹma. Seringé kata kuwi maksudé roh suci utawa kekuwatané Gusti Allah. (Purwaning Dumadi 1:2) Tapi, ing Alkitab kata kuwi ya isa berarti:

 Kabèh kuwi padha-padha ora isa didelok tapi ana hasilé. Kekuwatané Gusti Allah ya kaya ngono, kuwi ”kaya angin, ora kétok, ora ana wujudé, tapi ana hasilé”.​—An Expository Dictionary of New Testament Words, sing ditulis W. E. Vine.

 Ing Alkitab, roh suci utawa kuwasané Gusti Allah ya disebut ”drijiné” Gusti Allah. (Mazmur 8:3; 19:1; Lukas 11:20; bandhingna karo Matius 12:28.) Kaya pengrajin nggunakké tangané kanggo kerja, Gusti Allah ya nggunakké roh suciné kanggo nggawé:

Roh suci ora ana wujudé

 Ing Alkitab, roh suci digambarké kaya ”tangan”, ”driji”, utawa ”nafas”. Kuwi berarti roh suci ora ana wujudé. (Pangentasan 15:​8, 10) Kaya tangané pengrajin ora isa digunakké nèk ora digerakké otak, roh suciné Gusti Allah ya ora ana nèk Gusti Allah ora ngetokké kuwi. (Lukas 11:13) Ing Alkitab, roh suci ya digambarké kaya banyu, terus ya dipadhakké karo iman lan pengetahuan. Kuwi kabèh bukti nèk roh suci ora ana wujudé.​—Yésaya 44:3; Kisah 6:5; 2 Korintus 6:6.

 Ing Alkitab ana jenengé Gusti Allah yaiku Yéhuwah lan ana jenengé anaké yaiku Yésus Kristus, tapi ora ana jenengé roh suci. (Yésaya 42:8; Lukas 1:​31) Sakdurungé mati, Stéfanus éntuk wahyu soal swarga. Dhèwèké mung ndelok Gusti Allah karo Yésus ing swarga. Menurut Alkitab, ”Stéfanus sing dituntun roh suci ndhangak lan dhèwèké ndelok kemuliaané Gusti Allah. Stéfanus ya ndelok Yésus ngadeg ing sebelah tengené Gusti Allah.” (Kisah 7:​55) Stéfanus isa ndelok wahyu kuwi merga dituntun roh suci.

Pendapat soal roh suci

 Sing salah: Menurut 1 Yohanes 5:​7, 8 Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi, roh suci kuwi makhluk hidup, terus ya padha karo Gusti Allah.

 Sing bener: Ing 1 Yohanes 5:​7, 8, Kitab Suci mawi Basa Jawi Resmi, mémang ana keterangan ”ana ing swarga: Sang Rama, Sang Sabda lan Roh Suci. Sarta kateluné iku dadi siji. Lan uga ana telu kang dadi seksi ana ing bumi”, tapi bar ditliti, jebulé keterangan kuwi ora ditulis Rasul Yohanes lan kuduné ora ana ing Alkitab. Profesor Bruce M. Metzger nulis, ”Keterangan kuwi ora bener lan kuduné ora ana ing Perjanjian Anyar.”​—A Textual Commentary on the Greek New Testament.

 Sing salah: Ing Alkitab, roh suci digambarké kaya wong. Berarti roh suci kuwi makhluk hidup.

 Sing bener: Mémang ing Alkitab kadhang-kadhang roh suci digambarké kaya wong. Contoné, Yésus nggambarké roh suci kaya ”penolong” sing bakal ngandhani, nuntun, ngomong, ngrungokké, lan ngluhurké. (Yohanes 16:​7-​15) Tapi, kuwi ora berarti nèk roh suci kuwi makhluk hidup. Ing Alkitab, kawicaksanan, kematian, lan dosa, ya digambarké kaya wong. (Wulang Bebasan 1:​20; Roma 5:​17, 21)

 Contoné, ing Alkitab disebutké nèk kawicaksanan isa ’tumindak’. Dosa ya digambarké isa nggodha, matèni, lan nggawé wong péngin nglakoni sing salah.​—Matius 11:19; Roma 7:​8, 11.

 Sing salah: Baptis nganggo jenengé roh suci kuwi bukti nèk roh suci kuwi makhluk hidup.

 Sing bener: Kadhang-kadhang kata ”jenengé” ing Alkitab maksudé wewenang sing dikèkké wakil. (Pangandharing Torèt 18:​5, 19-​22; Èster 8:​10) Ing basa Inggris nèk polisi arep nyekel wong, dhèwèké ngomong, ”nganggo jenengé hukum” padahal hukum kuwi dudu wong utawa makhluk hidup. Wong sing dibaptis ”nganggo jenengé . . .  roh suci” ngakoni nèk Gusti Allah nggunakké roh suciné bèn kabèh sing dikarepké kelakon.​—Matius 28:19.

 Sing salah: Murid-muridé Yésus jaman mbiyèn percaya nèk roh suci kuwi makhluk hidup.

 Sing bener: Ing Alkitab ora ana keterangan kaya ngono, terus ya ora tau ana sing crita kaya ngono. Ing Encyclopædia Britannica ana keterangan: ”Wong-wong mulai percaya nèk roh suci kuwi makhluk sing ora isa didelok . . . kèt taun 381 M. Kuwi hasil rapaté para pemimpin agama Katolik ing Konstantinopel.” Kuwi 250 taun sakwisé rasul terakhir mati.