Langsung mlebu

Kaya Apa Iblis Kuwi?

Kaya Apa Iblis Kuwi?

Jawabané Alkitab

Iblis kuwi makhluk roh sing ora nduwé tubuh kaya manungsa.—Éfésus 6:11, 12.

Akèh wong nggambarké nèk Iblis kuwi makhluk kaya kambing sing nduwé sungu lan buntut, lan nyekel garpu gedhé. Ana sing ngomong nèk sing pertama nggambarké Iblis kaya ngono kuwi para seniman ing jaman mbiyèn. Para seniman kuwi mungkin dipengaruhi karo cerita rakyat utawa mitos ing jaman mbiyèn.

 Nurut Alkitab, kaya apa Iblis kuwi?

Ing Alkitab, ana beberapa gambaran soal Iblis. Saka gambaran-gambaran kuwi, awaké dhéwé isa ngerti piyé sipat-sipaté, dudu bentuk utawa rupané. Contoné, Iblis digambarké kaya:

  • Malaékat terang. Iblis éthok-éthok nawakké apa sing kétoké apik bèn wong-wong manut karo wulangané, dudu wulangané Gusti Allah.​—2 Korintus 11:14.

  • Singa sing nggero-nggero. Iblis nyerang umaté Gusti Allah nganggo cara sing kejem.​—1 Pétrus 5:8.

  • Naga gedhé. Iblis kuwi medèni, kuwat, lan seneng ngrusak.​—Wahyu 12:9.