Langsung mlebu

Apa Gusti Allah Nyiptakké Makhluk Hidup Liwat Évolusi?

Apa Gusti Allah Nyiptakké Makhluk Hidup Liwat Évolusi?

Jawaban ing Alkitab

 Ora. Ing Alkitab ditulis nèk Gusti Allah nyiptakké manungsa lan akèh ”jenis” kéwan lan tanduran. (Purwaning Dumadi 1:12, 21, 25, 27; Wahyu 4:11) Ing Alkitab ya ditulis nèk kabèh manungsa kuwi keturunané Adam lan Hawa. (Purwaning Dumadi 3:20; 4:1) Ana sing percaya nèk Gusti Allah nyiptakké makhluk hidup liwat évolusi, padahal kuwi ora sesuai karo Alkitab. Tapi, keterangan ing Alkitab ora bertentangan karo pendapaté para ilmuwan sing ngomong nèk saben makhluk hidup jenisé isa macem-macem. a

 Apa pendapaté wong-wong soal évolusi?

 Wong-wong sing percaya nèk Gusti Allah nyiptakké makhluk hidup liwat évolusi nduwé pendapat sing béda-béda. Menurut Encyclopædia Britannica, ana wong-wong sing nduwé pendapat nèk ”Gusti Allah nggunakké selèksi alam kanggo mengendalikan makhluk hidup”.

 Pendapat liyané:

  •   Kabèh makhluk hidup nènèk moyangé padha.

  •   Siji jenis makhluk hidup isa berubah total dadi jenis liyané. Kuwi disebut makroévolusi.

  •   Kabèh prosès kuwi asalé saka Gusti Allah.

 Apa évolusi sesuai karo ajarané Alkitab?

 Ana wong-wong sing nduwé pendapat nèk keterangan sing ana ing buku Purwaning Dumadi soal penciptaan kuwi ora bener. Padahal, Yésus ngomong nèk keterangan sing ana ing buku Purwaning Dumadi kuwi bener. (Purwaning Dumadi 1:26, 27; 2:18-24; Matius 19:4-6) Ing Alkitab ditulis nèk Yésus ana ing swarga sakdurungé teka ing bumi lan mbantu Gusti Allah nggawé ”kabèh” dadi ana. (Yohanes 1:3) Dadi menurut Alkitab Gusti Allah ora nyiptakké makhluk hidup liwat évolusi.

 Apa adaptasi kuwi évolusi?

 Alkitab ora njelaské saben makhluk hidup kuwi jenisé ana pira. Kéwan lan tanduran jenisé isa dadi macem-macem merga berkembang biak utawa beradaptasi. Kuwi ora bertentangan karo Alkitab. Tapi adaptasi kuwi dudu évolusi.

a Pendapat iki sering disebut mikroévolusi.