Langsung mlebu

BANTUAN KANGGO KELUARGA | PERKAWINAN

Pornografi Isa Nggawé Perkawinan Dadi Ora Harmonis

Pornografi Isa Nggawé Perkawinan Dadi Ora Harmonis

 Ana suami sing konangan bojoné nonton pornografi. Terus dhèwèké njaluk ngapura karo bojoné lan janji ora bakal nonton manèh. Tapi, ternyata dhèwèké isih tetep nonton.

 Apa njenengan ya kecanduan nonton pornografi? Nèk iya, njenengan kudu ngerti nèk kuwi isa nggawé bojoné njenengan lara ati. Nèk berusaha, njenengan isa mandheg saka kebiasaan kuwi. a

Ing artikel iki bakal dibahas:

 Akibaté nonton pornografi

 Nonton pornografi kuwi nyebabké akèh masalah perkawinan. b

 Nèk njenengan nonton pornografi, bojoné njenengan isa ngrasa:

  •   Dikhianati. Sarah ngomong, ”Aku ngrasa kaya bojoku terus-terusan selingkuh.”

  •   Ora berharga. Merga bojoné nonton pornografi, ana wong wédok sing ngomong nèk dhèwèké dadi ngrasa ”èlèk terus ora percaya diri.”

  •   Ora gampang percaya karo bojoné. Helen ngomong, ”Aku dadi terus-terusan curiga karo bojoku.”

  •   Kuwatir. Catherine ngomong, ”Aku dadi terlalu kuwatir. Aku wedi nèk bojoku nonton pornografi manèh.”

 Sing isa dipikirké: Ing Alkitab disebutké nèk wong lanang kudu terus sayang karo bojoné. (Éfésus 5:25) Nèk sayang berarti bakal nggawé bojoné ngrasa ayem lan ora kuwatir.

 Sing isa diupayakké

 Nèk nduwé kebiasaan nonton pornografi kuwi mandhegé angèl. Stacey ngomong, ”Bojoku wis ora ngrokok, ora nganggo narkoba, lan ora ngombé alkohol manèh. Tapi, dhèwèké durung isa mandheg nonton pornografi.”

 Nèk njenengan ya ngalami sing padha, saran-saran iki isa mbantu njenengan:

  •   Kudu ngerti bahayané. Wong sing nonton pornografi kuwi égois merga mung mikir senengé dhéwé. Nonton pornografi ya nggawé perkawinan dadi ora bahagia lan akèh masalah. Kuwi ya berarti wong sing nonton pornografi ora menghargai Yéhuwah, sing nggawé perkawinan.

     Ayat: ”Perkawinan kudu dianggep berharga.”​—Ibrani 13:4.

  •   Aja nyalahké wong liya. Nèk misalé mikir, ’Aku ora bakal nonton pornografi nèk bojoku luwih nggatèkké aku,’ kuwi isa dadi alesan kanggo nonton pornografi manèh. Padahal kuwi salah. Kuwi ora adil kanggo bojoné njenengan.

     Ayat: ”Saben wong diuji wektu dhèwèké ditarik lan digodha karo kepénginané dhéwé.”​—Yakobus 1:14.

  •   Kudu terbuka karo bojo. Kevin ngomong, ”Aku terbuka karo bojoku. Kabèh tak critakké. Termasuk pas aku nonton pornografi, terus pas aku ya berupaya ben ora nonton kuwi manèh. Dadi bojoku ngerti nèk aku ora ngapusi dhèwèké.”

     Ayat: ”Aku péngin jujur wektu nindakké apa waé.”​—Ibrani 13:18.

  •   Kudu ngati-ati. Kepénginan kanggo nonton pornografi kuwi isa muncul manèh. Kevin ngomong, ”Aku wis sepuluh taun ora nonton pornografi. Tak kira aku wis ora bakal péngin manèh. Tapi kadhang aku péngin nonton manèh. Kepénginan kuwi kaya kéwan buas sing kapan waé isa nyerang awake dhéwé.”

     Ayat: ”Wong sing rumangsa nèk dhèwèké terus ngadeg lan kuwat kudu ngati-ati supaya ora tiba.”​—1 Korintus 10:12.

  •   Aja nuruti kepénginan sing salah. Kepénginan kanggo nonton pornografi mungkin tetep ana. Tapi njenengan isa nolak kuwi. Nèk fokus karo kegiatan liyané, njenengan dadi ora péngin nonton pornografi manèh.

     Ayat: ”Saben wong ing antaramu kudu ngerti carané ngendhalèni badané dhéwé bèn tetep suci lan terhormat. Aja . . . nuruti nafsu sèks sing ora dikendhalèni lan sing ora tau puas.”​—1 Tésalonika 4:4, 5.

  •   Menghindari situasi sing isa marahi tergodha. Ing buku sing judhulé Willpower’s Not Enough disebutké, ”Nèk ana ing situasi sing marahi péngin nonton pornografi, kuwi kaya awaké dhéwé wis nyumet korék. Begitu ana bènsin meskipun sithik, kuwi isa marahi kobongan.”

     Ayat: ”Tulung bantu bèn aku ora dikuwasani karo apa sing jahat.”​—Mazmur 119:133.

  •   Aja nyerah. Mungkin butuh wektu bèn bojoné njenengan isa percaya manèh karo njenengan. Tapi nèk berusaha njenengan mesthi isa.

     Ayat: ”Wong sing nduwé katresnan kuwi sabar.”​—1 Korintus 13:4.

a Meskipun artikel iki khususé kanggo para suami, tapi naséhaté ya kanggo para istri sing nduwé kebiasaan nonton pornografi.

b Ana sing ngomong nèk nonton pornografi bareng karo bojoné kuwi isa nggawé perkawinané dadi luwih harmonis. Tapi kuwi ora bener merga ora sesuai karo pathokané Alkitab.​—Wulang Bebasan 5:15-20; 1 Korintus 13:4, 5; Galatia 5:22, 23.