Langsung mlebu

Pasièn Seksi Yéhuwah Biasané Luwih Cepet Mari

Pasièn Seksi Yéhuwah Biasané Luwih Cepet Mari

AUSTRALIA: Koran The Sydney Morning Herald tanggal 2 Oktober 2012 kandha, ”Pasièn Seksi Yéhuwah sing nolak transfusi darah merga kepercayaané malah luwih cepet mari ketimbang pasièn liyané.”

Koran kuwi ngutip kata-katané Profésor James Isbister saka Sydney Medical School, University of Sydney, yaiku ”Seksi-Seksi Yéhuwah éntuk perawatan sing luwih apik saka para dokter sing ngupaya bèn getihé pasièn Seksi Yéhuwah ora akèh kebuwang. Hasilé, tingkat keslametané luwih gedhé lan isa luwih cepet metu saka rumah sakit ketimbang pasièn sing nampa transfusi darah wektu operasi.”

Sing nduwé pendapat kaya ngono ora mung Profésor Isbister thok. Soal pasièn Seksi sing operasi pembedahan jantung, Archives of Internal Medicine, 13-27 Agustus 2012, kandha, ”Para pasièn Seksi luwih jarang ngalami komplikasi akut, lan luwih cepet bali saka rumah sakit ketimbang pasièn liyané sing nampa transfusi darah.”