Langsung mlebu

PITAKONANÉ CAH ENOM

Piyé Nèk Wong Tuwaku Ora Ngijinké Nganggo Média Sosial?

Piyé Nèk Wong Tuwaku Ora Ngijinké Nganggo Média Sosial?

 Mungkin kanca-kancamu nganggo média sosial lan kerep ngomongké soal kuwi. Tapi, merga ora nduwé média sosial mungkin kowé diécé karo meréka. Apa sing isa mbok pikirké? Nèk kowé ora éntuk nganggo média sosial kowé kudu piyé?

Sing isa mbok pikirké

 Sing ngalami kuwi ora mung kowé thok. Akèh wong tuwa ora ngijinké anaké nganggo média sosial, soalé wong tuwa ngerti bahayané média sosial. Misalé:

  •   isa nggawé déprèsi lan ngalami masalah keséhatan méntal.

  •   isa ndelok pornografi, nampa lan ngirim gambar utawa chat sing saru-saru, lan di-bully ing média sosial.

  •   isa dadi nduwé masalah karo kancané.

 Akèh cah enom milih ora nganggo média sosial manèh. Meréka ngerti nèk bahayané média sosial luwih akèh daripada manfaaté. Gatèkna pengalamané cah-cah enom iki:

  •   Merga kakèhan dolanan média sosial, Priscilla dadi ora nduwé wektu kanggo hal-hal sing luwih penting.

  •   Jeremy ora nganggo média sosial manèh merga sing muncul ing média sosialé macem-macem, termasuk sing ora pantes.

  •   Merga nganggo média sosial, Bethany dadi selalu péngin ngerti kegiatané wong liya.

 ”Akhiré média sosialku tak hapus lan aku ora menyesal. Aku dadi nduwé luwih akèh wektu kanggo sing luwih penting.”—Sierra.

 ”Aku ora seneng nganggo média sosial merga kuwi marahi kecanduan. Kuwi ya nggawé aku terus-terusan mikirké pandhangané wong liya soal postinganku. Awalé aku ngrasa angèl menghapus akun média sosialku, tapi ternyata kuwi ana manfaaté. Saiki pikiranku dadi luwih tenang.”—Kate.

Sing isa mbok upayakké

 Manuta aturané wong tuwamu. Aja nesu-nesu utawa protès soal aturané wong tuwamu. Kowé manut apa ora kuwi kétok saka sikapmu.

 Ayat: ”Wong bodho gampang ngamuk, ning wong wicaksana tetep tenang.”—Wulang Bebasan 29:11.

 Mungkin kancamu ngongkon kowé nganggo média sosial tapi ndhelik-ndhelik bèn ora konangan wong tuwamu. Kuwi isa waé dadi masalah. Kowé isa wedi nèk konangan, terus ya ngrasa bersalah merga ora jujur. Nèk nganti konangan, wong tuwamu ya bakal ora percaya manèh karo kowé.

 Ayat: ”Aku péngin jujur wektu nindakké apa waé.”—Ibrani 13:18.

 Nggawéa keputusan dhéwé. Kaya sing disebutké cah-cah enom mau, saiki kowé wis ngerti bahayané média sosial. Merga ngerti média sosial kuwi ora selalu ana manfaaté, kowé isa mutuské ora nganggo média sosial manèh dudu merga ora éntuk karo wong tuwamu, tapi merga mémang kuwi keputusanmu dhéwé. Dadi pas kancamu takon kenapa kowé ora nganggo média sosial, kowé ora bakal isin lan ora bingung njawab. Kanca-kancamu ya ora bakal ngécé merga ngerti nèk kuwi keputusanmu dhéwé.

 Intiné: Kowé isa mbahas soal nganggo média sosial karo wong tuwamu. Dadi kowé karo wong tuwamu isa padha-padha setuju soal kuwi. Meskipun saiki kowé ora nduwé média sosial, tapi kowé isa tetep seneng.